Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Nemlikur
Pasedhèrèkan Sejati kang Lair saka Ekaristi
Nalika ngayahi tugas minangka perwakilan Takhta Suci Vatikan (Apostolic Visitor) kanggo negara Bulgaria kang mayoritas penduduké warga Gereja Kristen Ortodoks, Mgr. Angelo Roncalli rawuh lan nawakaké semangat pasedhèrèkan kang tulus. Relasi antarané Pasamuwan Katolik Roma lan Gréja Ortodoks kang mauné kaku, alon-alon dadi luwih raket awit saka ketulusan, sikap prasaja, lan tinarbuka marang sedulursedulur Ortodoks. Nalika panjenengané séda minangka Paus Yohanes XXIII ing tanggal 3 Juni 1963, warga Bulgaria mastani panjenengané minangka “Nyala Lilin dari jendela kami Di Bulgaria”. Ketulusan sajroning ngrakit paseduluran pranyata banget ajiné nalika sing liyané padha sinaput ing sikap kaku lan rasa benci.