komsosboro@gmail.com
(+62) 081390127644 

Sidebar

Main Menu

  • Beranda
  • LIVE
  • Berita
  • Jadwal
  • WILAYAH
  • Renungan
  • Dokumentasi
Paroki St. Theresia Lisieux Boro Paroki St. Theresia Lisieux Boro
  • Beranda
    • Tentang Paroki Santa Theresia Lisieux Boro
    • Sejarah
  • LIVE
  • Berita
  • Jadwal
  • WILAYAH
    • WILAYAH 1
    • WILAYAH 2
    • WILAYAH 3
    • WILAYAH 4
    • WILAYAH 5
    • WILAYAH 6
    • WILAYAH 7
    • WILAYAH 8
    • WILAYAH 9 ST. YUSUP BALONG
    • WILAYAH 10 ST LUCIA KALIREJO
    • WILAYAH 11 ST. IGNASIUS LOYOLA SAMIGALUH
    • WILAYAH 12 ST. MARIA ASSUMPTA GOROLANGU
  • Renungan
    • Basa Jawa
    • BKL 2020
  • Dokumentasi

  1. Home
  2. Renungan
  3. BKL 2020

Panglimbang BKL 2020, Dina Kaping Nem

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
BKL 2020
06 May 2020
Hits: 730

Ekaristi kang Nuwuhaké Kabungahan, Preduli, lan Seneng Andum


Sawijining dina, Rama Johan ngunjukaké Pahargyan Ekaristi ing sawijining kapèl. Rampung pahargyan, panjenengané diajak niliki sawenèh umat kang lagi lara, ana ing omahé. Sarombongan padha ngaruhaké lan nyembahyangké kang lagi lara. Nalika iku katon banget anané rasa solidaritas, kawigatèn lan rasa guyub kang rumaket ing antarané umat siji lan sijiné. Rasa guyub lan tetunggilan iki tuwuh krana iman kapitayan kang padha marang Sang Kristus Yesus ing Pasamuwan Katolik lan mliginé saka Ekaristi kang kanthi tumemen diriyayakaké. Ing dina liyané, Rama Johan uga disuwun ngunjukaké Mis Suci kanthi ujud memulé utawa pèngetan arwah. Kang ada-ada anané Mis Suci iki kanyata saka lingkungan, sanadyan kanggo kepentingan pribadi salah sawijining brayat. Lingkungan rumangsa perlu mbiyantu brayat mau. Konsumsi, liturgi, kor, lan keperluan liyané ditanggung bebarengan kanthi iklas lan sukarila déning umat lingkungan. Katon banget anané rasa guyub lan tetunggilan kang éndah lan uga semangat lungtinulung lan rung-jinurung siji lan sijiné.

Read more ...

Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Lima

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
BKL 2020
05 May 2020
Hits: 758

Ekaristi Ndayani Semangat Ber-Evangelisasi

 

Pastor Sebastian Vazhkala iku mitra raketé Ibu Teresa. Mèh 30 taun panjenengané kekancan karo Ibu Teresa. Miturut Pastor Sebastian, Ibu Teresa nampi pratandha saking Gusti Yesus ing sajroning Pahargyan Ekaristi sadurungé ngedegaké Kongregasi Misionaris Cinta Kasih. Pastor Sebastian Vazhkala nduwèni cathetan asta kang diserat déning Ibu Teresa gayut pepanggihané kaliyan Gusti Yesus ing Pahargyan Ekaristi iku. Panampining pratandha Ibu Teresa dumadi wiwit tanggal 10 September 1946 nganti 3 Desember 1947. Nalika nampa Komuni Suci, Ibu Teresa kaya nampa wisik saka Gusti Yesus kang paring pangandika, “Aku ingin para biarawati India, yang mengasihi-Ku, yang mau menjadi Maria dan Marta, yang sungguh mau menyatukan dirinya dengan-Ku, memancarkan Kasih-Ku kepada jiwa-jiwa.” Pungkasané, ya lumantar pepanggihané karo Gusti Yesus ing Pahargyan Ekaristi iku, Ibu Teresa nampa berkah langsung saka Gusti Yesus kanggo ngedegaké Kongregasi Misionaris Cinta Kasih kang akèh mitulungi wong miskin, sèkèng, lan kesrakat ing India, kepara malah banjur sumebar ing saindenging donya.

Read more ...

Panglimbang BKL 2020 Dinten Kaping Telu

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
BKL 2020
03 May 2020
Hits: 764

Akèh Timbalan Mungguhing Kasucian kang Padha

 

Mbok menawa awaké dhewé naté tindak ing sawenèh papan ing Indonesia iki. Nalika tindak-tindak iku, kalamangsané awaké dhéwé nemoni wong-wong Katolik kang asalé saka Keuskupan Agung Semarang, nanging aktif banget nèng paroki kang dudu wewengkoné Gereja Keuskupan Agung Semarang. Nalika ditakoni, “Panjenengan saking pundi?”, mbok menawa padha mangsuli: “Kula saking Jogja, Magelang, Klaten, Wonosari, utawa Solo”. Semono uga ora sethithik imam, bruder, lan suster kang makarya ing ngendi-endi, malah kepara ana ing laladan Eropa lan papan misi liyané, kang uga asal saka Keuskupan Agung Semarang. Piyambaké iki sanak sedhèrèk kita umat Katolik KAS kang ngayahi karya misi sacara konkret lan peng-pengan.

Read more ...

Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Papat

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
BKL 2020
04 May 2020
Hits: 782

Ekaristi Mbangun Komunitas

 

Ing paroki ndésa, apa manèh ing sawetara taun kepungkur, menyang gréja ing dina Setu sore lan dina Minggu kanthi mlaku bareng-bareng lan gegrombolan iku, mujudaké sesawangan kang lumrah. Umat lumrahé ngagem ageman kang resik lan rapi. Umat kang mlaku bebarengan ing desané iku kaya déné arak-arakan kang dawa. Sawetara taun kepungkur pancèn isih arang wong kang mangkat néng gréja kanthi nitih mobil, paling-paling nitih sepedha motor. Iki mujudaké sesawangan kang éndah lan kepara uga asung paseksén tumrap sanak sedhèrèk kang dudu Katolik. Umat Katolik katon guyub, tepung siji lan sijiné, sregep lan bungah gambira. Wong kang pethukan lumrahé aruh-aruh, “Badhé tindak greja?”

Read more ...

Panglimbang BKL 2020 Dinten Kapindho

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
BKL 2020
03 May 2020
Hits: 706

Dina kapindho

Nresnani Ekaristi lan Devosiné

 

Nalika lagi mangan bareng nèng ngomah, Silvi kang lagi kelas II SMA takon marang bapakné, “Pak, kok badhé wonten Kongres Ekaristi Keuskupan malih, nggih? Saémut kula sawetawis taun kepengker ugi sampun wonten Kongres Ekaristi ta? Tur malih naminé kok kongres ta, Pak? Napa nggih sami kalih kongres partai-partai niku nggih, Pak?” Pak Stefanus mangsuli, “Ya béda ta, Ndhuk, karo kongres partai kaé.... Iki rak Kongres Ekaristi. Lha Ekaristi iku waé rak mujudaké pahargyan liturgi, lha ya mesthi béda. Ning, persisé apa lan kepiyé..., bapak ya durung ngerti jé, Ndhuk.... Mbok coba golèkana néng google.” Silvi ya banjur browsing néng google, lan mbareng wis nemu banjur kandha, “Oh leres, Pak.... pancèn wonten, malah ugi badhé wonten Kongres Ekaristi Internasional, taun 2020 menika diadani wonten ing Budapes Hongaria.” Bapak lan ibuné mung mèsem karo manggut-manggut.

Read more ...

More Articles ...

  1. Panglimbang BKL 2020 Dina Kapisan
Page 6 of 7
  • Start
  • Prev
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • Next
  • End

Kontak

 

  • Boro, Banjarasri, Kalibawang, Kulon Progo, DIY 55672
  • komsosboro@gmail.com ,   
  • www.parokiboro.id
  •      Sekretariat Paroki
  •      gerejaboro@gmail.com
  •      (0274) 2822577 
  •      081226612801 (WA Teks)
  •      Senin - Sabtu 08:00 - 15:00
  •      Minggu          08:00 - 12:00
   

 

 
 
 

Paroki St. Theresia Lisieux Boro, merupakan bagian dari Keuskupan Agung Semarang.

  • Beranda