KEK Iku Apa, ta? Salah Sawijining Devosi Ekaristi

 

Nalika bocah cilik lagi wiwit bisa ngomong, lumrahé banjur nricis nakokaké apa waé kang diprangguli utawa  dicekel. Tembung pitakonan lumrahé “iki apa?” Nalika wong tuwané utawa mas, mbakyuné nyoba nerangaké, dhèwèké ya terus bakal takon kanthi pitakonan kang padha “iki apa?” 

Mbok menawa awaké dhéwé uga butuh dipulihaké manèh kanthi pitakonan kang padha ngèngingi apa ta Kongres Ekaristi kuwi? Utawa menawa luwih jangkep manèh Apa ta Kongres Ekaristi Keuskupan utawa KEK kuwi? Jalaran KEK iki wis naté dadi pirembugan kang umyek ing pasamuwan Suci Keuskupan Agung Semarang kepara malah ing Pasamuwan Katolik Indonesia. Penggalihan ngèngingi anané Kongres Ekaristi iki sepisanan dingendikaké déning swargi Mgr. Johanes Pujasumarta kang wektu semana ngasta minangka Vikjen KAS, kanggo nanggapi anané Kongres Ekaristi
Internasional kang kaping 49 ing taun 2008. Kongres Ekaristi Internasional iki diadani saben 4 taun sepisan. Satemené Kongres Ekaristi iku lelampahan rohani kang lumrah nanging wis ngoyot ing Pasamuwan Katolik, yaiku dadi salah sawajiné devosi sajroné ngegesang Sakramèn Ekaristi. Ana manéka warna devosi ing Ekaristi kaya ta: Visitasi, Adorasi, lan uga Kongres Ekaristi. Mung waé cak-cakaning Kongres Ekaristi iki  mbutuhaké wektu kang luwih suwé, ya ing ètungan jam utawa dina, lan uga diayahi déning wong akèh kanthi tema-tema kang mirunggan, pamrihé supayané wong-wong sangsaya jinurung kanggo ngriyayakaké lan nggegesang Sakramèn Ekaristi.

Kongres Ekaristi iki diarani Kongres Ekaristi Keuskupan utawa disingkat KEK jalaran diadani ing tingkat Keuskupan. Déné menawa diadani sacara internasional déning Pasamuwan Katolik sedonya, ya diarani Kongres Ekaristi Internasional. Mbok menawa yèn kang ngadani iku Pasamuwan Katolik Indonesia utawa déning KWI, sesebutané bakal dadi Kongres Ekaristi Nasional. Mung waé kang pungkasan iki durung naté kelakon.

(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)

 

 

Ekaristi: Sumbering Urip Wong Kristiani lan Misi


Menawa ing wulan September mengko awaké dhéwé ngadani Bulan Kitab Suci Nasional, umat Katolik ing Budapes Hongaria dadi tuan rumah hajatan gedhén lan agung, yaiku Kongres Ekaristi Internasional (KEI) kang kaping 52. KEI iku diadani ing tanggal 13-20 September 2020. Ing kana bakal padha rawuh utusan saka saindenging donya. Awaké dhéwé bisa mbayangké menawa ing Budapes iki bakal umyek ribut tandang gawé, ora ngemungaké kanggo umat Katoliké nanging uga umat liyané, jalaran mesthi waé samubarang kalir, mliginé urusan akomodasi banget dibutuhaké. Utusan saka luar negeri mesthiné uga kepéngin wisata lan kuliner-an ing kana.


Téma KEI 2020 yaiku “Segala mata airku ada di dalammu (Mzm 87:7), Ekaristi: Sumber hidup orang Kristiani dan Misi”. Tema iki gayut karo pengajeng-ajengé Paus Fransiskus supaya wong-wong Kristiani bisa dadi seksining Injil ing tengahing tantangan aluning donya kang sinaput ing modernisasi lan sekularisasi. Kekuatan kanggo asung paseksén lan nindakaké ayahan misi kasebut yaiku Ekaristi. Miturut Rama Kornél Fábry, Sekretaris Jenderal Kongres Ekaristi Internasional, téma KEI 2020 iki wus digegulang kanthi telung fokus panglimbang, yakuwi, “Ekaristi: Sumber hidup orang kristiani” (2017), “Ekaristi memperkuat kehidupan berkomunitas” (2018), lan “Ekaristi dan Misi” (2019).


Sajroning KEI 2020 iki, para pandhèrèk (peserta) kongres diajak nglelimbang ayahan murid Dalem Gusti Yesus yaiku mbagèkaké Kabar Bungah marang kabèh wong. Acara seminggu ing Budapes iki ngajab supaya umat Katolik ngalami owah-owahan spiritual. Perayaan Ekaristi lan Adorasi dadi kekuatan kanggo neguhaké relasi personal karo Sang Kristus Yesus lan komunitas. Wohing Pahargyan Ekaristi lan Adorasi yaiku pakaryan leladi lan paseksén kang nyata. Gusti Yesus ngendikaké menawa awaké dhéwé iku minangka ragi, uyah, lan pepadhanging donya. Aja nganti uripé awaké dhéwé minangka wong Katolik kaya ragi kang kélangan dayaning ngragèni glepung, pepadhang kang mbleret, lan uyah kang
kélangan asinné. Ayo padha nindakaké piwelingé Santa Teresa saka Kalkuta kang éndah, “Luangkanlah waktumu sesering mungkin di depan Sakramen Mahakudus dan Dia akan memenuhimu dengan kekuatan dan kuasa-Nya”.

(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)

Pasamuwan Suci minangka Badan Sawiji

 

Saben Pahargyan Natal, warga lingkungan St. Lukas padha ujung ing antarané warga siji lan warga liyané. Saben brayat Katolik diparani siji-siji ing omahé, mbuh kuwi sing aktif, uga sing ora aktif. Nalika ujung nèng brayaté Lik Karyo, tanpa ditakoni piyambaké ngendika mangkéné, “Bapak, ibu, lan para putra, kula ngaturaken genging panuwun awit sampun dipunaruhaken. Nyuwun pangapunten sanget déné kula mboten naté aktif ing lingkungan, awis-awis dhateng ing sembahyangan lingkungan lan kegiatan sanèsipun. Mugimugi sasampunipun menika kula saget aktif ing lingkungan. Nyuwun jurung donganipun, nggih....” Kabèh kang ana ing kono bebarengan ngamini, “Amin. Matur nuwun, Lik Karyo. Kita sedaya ndhèrèk dedonga.”

Élok tenan! Lingkungan St. Lukas nduwèni tradhisi kang apik banget. Saéba éndahé paguyuban lan pasedulurané umat Katolik ing Keuskupan Agung Semarang, menawa tradhisi kaya ngono iku bisa dicakké ing kabèh lingkungan. Santo Paulus ing seraté dhateng umat ing Korintus (1Kor. 10:16-17) nanjihaké menawa awaké dhéwé kabèh iki badan sawiji krana awaké dhéwé kabèh antuk bagéyan ing roti lan tuwung sawiji. Kanthi nampa Komuni Suci nalika ngriyayakaké Ekaristi, kejaba nampa, awaké dhéwé uga tetunggilan ing Sang Kristus. Krana tetunggilan ing Sang Kristus kang sawiji lan padha, awaké dhéwé iku siji lan sijiné katunggilaké ing talining tetunggilan lan pasedhèrèkan. Kanthi mangkono, tetunggilan kita minangka Pasamuwan Suci iku, sumber lan puncaké ya ana ing Ekaristi.

Ora mung berkah tetunggilan kang kita tampa ing Pahargyan Ekaristi, nanging uga ayahan. Ing pungkasaning Pahargyan Ekaristi, awaké dhéwé kabèh diutus, “Ayo padha mundur kita diutus”. Awaké dhéwé kabèh diutus lan nampa ayahan mbangun panunggalan, kommunio. Ayahan mbangun panunggalan iku kanthi nyata bisa diwujudaké ing antarané kanthi aktif ing kegiatan-kegiatan lingkungan. Lingkungan iku mujudaké wujuding komunitas lan panunggalan kang paling konkret dialami dan digegesang déning umat pitados. Sabanjuré panunggalaning umat kristiani iki uga diutus mèlu cawé-cawé lan ngrasakaké bungah-susah lan bot-répoting panguripaning masyarakat lan bangsa.

(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)

 

 

Ekaristi Ngowahi Komunitas Sapecak mbaka Sapecak


Nalika miwiti karya pastoralé ing Paroki Ars, sawenèh désa cilik lan miskin, Pastor Maria Vianney (1786-1859) mrangguli umaté kang kesèd menyang gréja, moralitas uripé èlèk, senengané pésta lan inum-inuman nganti mendem. Gedhung gréja ora kopèn, plataran gréja ramé kanggo pésta lan dansa. Rama Vianney ora kentèkan pengarep-arep. Ngadhepi umat kang mangkono iku, panjenengané akèh nindakaké sembahyang ing sangajenging Sakramèn Mahasuci lan uga nglampahi mati raga. Panjenengané bisa kiyat ora dhahar nganti telung dina, lan yèn pinuju luwé mung dhahar kentang godhog kang wus wiwit njamur. Kanthi tegen Rama Vianney nglampahi donga lan mati ragané nganti suwé. Lan sawisé nglampahi nganti 7 tekan 9 taun, umat lagi ginugah. Sawisé mrangguli kasuciané Rama Vianney kang tegen lan sregep nindakaké adorasi lan uga mati raga, alon-alon akèh wong kang banjur martobat, ngaku dosa ing Sakramèn Tobat, lan tundhoné Ars dadi papan peziarahan kang kawentar ing Prancis. Ing kono wong-wong padha kepéngin pepanggihan karo Rama Vianney kang suci kanggo mertobat lan nampa Sakramèn Pangapuraning Dosa. 

Critané Santo Yohanes Maria Vianney iki nélakaké kasunyataning iman menawa umat kang dianggep nduwèni dosa iku bisa malih lan mertobat krana kasucian pastor parokiné kang tegen sembahyang, mliginé sembahyang ing sangajenging Sakramèn Mahasuci, lan mati raga. Mula ya pancèn bener yèn diandharaké menawa owah-owahaning uripé umat iku tuké saka sumbering urip kristiani, yaiku Ekaristi. Lan yèn nitik saka wektuné, pranyata owah-owahan iku ya ora bisa sakdheg-saknyet, ujug-ujug langsung dadi, nanging mbutuhaké proses, sethithik mbaka sethithik, sapecak mbaka sapecak. Kaya mangkono iku sejatiné trep karo kang dikarsakaké déning para Bapa Konsili kang ngendika, “Hendaknya sambil mempersembahkan Hosti yang Tak Bernoda bukan saja melalui tangan imam melainkan juga bersama dengannya, mereka belajar mempersembahkan diri, dan dari hari ke hari – berkat pengantaraan Kristus – makin penuh dipersatukan dengan Allah dan antara mereka sendiri, sehingga akhirnya Allah menjadi segalanya dalam semua” (SC48).

Pitakonan kang trep karo panglimbang iki: mbok menawa program pastoral kita iku yektiné wis apik kabèh lan hebat, malah kanthi tolok ukur kang jelas lan cetha, nanging kok tetep durung bisa ngowahi umat, aja-aja amarga kita isih kurang sembahyang ing sangarepé Sakramèn Mahasuci lan uga mati raga?

(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)

 

 

Liturgi Ndayani Semangat Uriping Umat Pitados


Lumrahé kang kagalih menawa ngrungu tembung liturgi yaiku bab-bab kang gayut karo sembahyang, ibadat, urutan ibadat, nyanyian liturgi, ubarampè lan pirantining liturgi, cara lungguh utawa ngadeg kang trep. Cekaké, apa waé kang ana gandhèng cènèngé karo bab-bab praktis kang gayut karo tata ibadat, rumus sembahyang kang asipat kultis. Pamawas kang wutuh ngèngingi liturgi bisa ditemokaké ing Konstitusi Liturgi asiling sidang Konsili Vatikan II yaiku Sacrosanctum Concilium (SC). Dokumen iki ngemot pangertèn kang njamani ngèngingi liturgi. Salah sawijining pratélan kang penting yaiku: “Maka memang sewajarlah juga liturgi dipandang bagaikan pelaksanaan tugas imamat Yesus Kristus; di situ pengudusan manusia dilambangkan dengan tanda-tanda lahir serta dilaksanakan dengan cara yang khas bagi masing-masing; di situ pula dilaksanakan ibadat umum yang seutuhnya oleh Tubuh Mistik Yesus Kristus, yakni Kepala beserta para anggotanya” (SC 7).
Liturgi ora mung kandheg dadi “upacara” nanging “pahargyan” yaiku pahargyan pakaryan kekeran kawilujengan Dalem Gusti Allah kang kaleksanan déning Sang Kristus Yesus, Sang Imam Agung, sareng Pasamuwan Suci Dalem, ingkang tetunggilan kaliyan Hyang Roh Suci. Minangka pahargyan, liturgi nyemangati kita kabèh kanggo ngluhuraké Gusti Allah lan ngudi kamursidan. Ing liturgi, kelakon pepanggihan antarané Allah lan manungsa. Pepanggihan iku dudu marga pangudi kita. Gusti Allah kang ada-ada (berinisiatif) ngundang kita. Cekaké, liturgi iku pepanggihané wong-wong kang diaturi lan ditimbali déning Gusti Allah supaya sowan bebarengan ingarsané.

(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)