komsosboro@gmail.com
(+62) 081390127644 

Sidebar

Main Menu

  • Beranda
  • LIVE
  • Berita
  • Jadwal
  • WILAYAH
  • Renungan
  • Dokumentasi
Paroki St. Theresia Lisieux Boro Paroki St. Theresia Lisieux Boro
  • Beranda
    • Tentang Paroki Santa Theresia Lisieux Boro
    • Sejarah
  • LIVE
  • Berita
  • Jadwal
  • WILAYAH
    • WILAYAH 1
    • WILAYAH 2
    • WILAYAH 3
    • WILAYAH 4
    • WILAYAH 5
    • WILAYAH 6
    • WILAYAH 7
    • WILAYAH 8
    • WILAYAH 9 ST. YUSUP BALONG
    • WILAYAH 10 ST LUCIA KALIREJO
    • WILAYAH 11 ST. IGNASIUS LOYOLA SAMIGALUH
    • WILAYAH 12 ST. MARIA ASSUMPTA GOROLANGU
  • Renungan
    • Basa Jawa
    • BKL 2020
  • Dokumentasi

  1. Home
  2. Renungan
  3. BKL 2020

Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Nembelas

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
BKL 2020
16 May 2020
Hits: 822

 Bermusik Liturgi

 

Ing sawijining wektu ana sèksi kor ing paroki kang ngudarasa menawa khazanah nyanyian liturgi ing Masa Adven, Natal, Prapaskah, lan Paskah iku mung sethithik, lan padha ngandharaké, “Nyanyian liturginé ya mung kuwikuwi waé.” Géneya para pangripta musik lan lagu kok kurang nduwèni minat ngripta lagu-lagu anyar kanggo mangsa liturgi iku mau? Ana manéka warna jawaban kang diaturaké. Terus, apa kang bisa ditindakaké kanggo ngudhari lan ngrampungi perkara iki?

Ngenut marang dokumen Sacrosanctum Concilium (SC) artikel 121, para Bapa Konsili ngajak lan nimbali para seniman musik amrih ngrembakakaké musik liturgi lan nuwuh suburaké khazanahé. Jinurung manéka warnaning budaya ing saben-saben daerah ing Indonesia, para seniman musik nduwèni kalodhangan ngripta musik lan lagu liturgi kang dadi kabutuhaning umat. Mesthi waé kreativitas ora banjur dadi pawadan ngasilaké karya musik kang ora trep utawa mung ngenut karepé pangriptané. Kreativitas ora ateges bebas tanpa wates. Jinising lagu kang diripta prayogané bisa dikidungaké déning kabèh umat lan ora winates mung kanggo kelompok kor waé. SC art. 121 ngandharaké: “Hendaklah mereka mengarang lagu-lagu, yang mempunyai sifat-sifat Musik Suci yang sesungguhnya, dan tidak hanya dapat dinyanyikan oleh paduan-paduan suara yang besar, melainkan cocok juga bagi paduan-paduan suara yang kecil, dan mengembangkan  keikutsertaan aktif segenap umat beriman”.

Komisi Liturgi Keuskupan Agung Semarang mbuka kalodhangan saakèh-akèhé tumrap para seniman kanggo nuwuh ngrembakakaké musik liturgi. Sawetara buku nyanyian liturgi adhedhasar jinising umur lan jinising pahargyan wis diterbit-aké. Ewasemono, anané buku nyanyian liturgi pranyata durung bisa nyukupi kabutuhaning umat. Diantu-antu asil karya kreatifé para seniman musik ngripta nyanyian liturgi anyar kanggo pahargyan liturgikita.

(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)

 

 

Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Limolas

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
BKL 2020
15 May 2020
Hits: 847

Ars Celebrandi (Seni Merayakan Misa)

Pak Paulus siap-siap arep mangkat ing dalemé Pak Frans, nindaki Mis Pèngetan Arwah setaun Ibu Frans kapundhut Gusti. Pak Timoti kang uga bakal nindaki Mis kasebut ndilalahé lèwat ing sangarep dalemé Pak Paulus, banjur uluk atur, “Ayo, Pak Paulus bidhal sareng waé”. “Oh, Pak Timoti, Oke..., siap...”, wangsulané Pak Paulus. “Eh..., Rama sik ngunjukké Mis ing dalemé Pak Frans iki mengko sapa ya, Pak?” pitakoné Pak Timoti. “Ketoké Rama Xaverius” wangsulané Pak Paulus. “Wahh..., Rama sing yèn ngunjukké Mis cepet banget kuwi, ya? Rumangsaku aku kok ngrasa ora nges ya yèn ngriyayakaké Ekaristi kanthi kesusu lan kemrungsung ngono kaé” aturé Pak Timoti.

Omong-omongan kaya mangkono iki mau sejatiné undherané ngrembug bab penting lan perluné ngriyayakaké liturgi, mliginé Ekaristi, kanthi penuh khidmat lan uga tinata éndah. Mis kang kesusu kaya kang diandharaké mau cetha cengkah karo apa kang diarani Ars Celebrandi. Ars Celebrandi mujudaké seni ngriyayakaké liturgi kanthi trep. Tindakan liturgi iku gayut karo 3 dimensi yaiku: punjeré ana ing Sang Kristus, mujudaké tindakané kabèh warganing Pasamuwan lan kang njalari awaké dhéwé pepanggihan kaliyan Gusti Allah. Kabéh waé kang ngayahi ing pahargyan perlu nglenggana lan ngrasakaké menawa liturgi iku ora mung asipat aturan lan ritus waé. Liturgi yaiku Veritatis Splendor tegesé kasunyatan kang ditélakaké ing kaéndahan (bdk. SC 41). Ars Celebrandi dadi tanggung jawabé kabèh waé kang nindaki, ngrawuhi, lan ngayahi ayahan ing pahargyan liturgi. Ars Celebrandi iki ora bisa diwawas minangka penampilan kang nggumunaké (memukau) waé. Pahargyan liturgi iku dudu sawenèh pagelaran (pertunjukan). Para abdi liturgi iku dudu pemain drama. Ars Celebrandi iku tegesé ngudi kepiyé bisané supaya awaké dhéwé bisa ngriyayakaké iman lan pepanggihan kaliyan Gusti Allah kang rawuh iku kanthi éndah, trep, nengsemaké, lan bener.

Muga-muga para imam, petugas liturgi, lan kabèh umat ngriyayakaké Ekaristi kanthi penuh khidmat, ngayahi lan ngriyayakaké minangka Ars Celebrandi, ora mung sauger trep karo aturan lan wus ngrampungaké ayahané nanging tanpa dirasak-rasakaké.

(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)

 

 

Panglimbang BKL 2020, Dina Kaping Telulas

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
BKL 2020
13 May 2020
Hits: 730

Unity and Diversity in the Body Kongres Ekaristi IV Keuskupan Agung Semarang

 

Ana akèh conto ngèngingi panunggalan sajroning kahanan kang béda-béda (kesatuan dalam perbedaan) kang kepara malah ngatonaké kaindahan lan kaagungan. Bhinneka Tunggal Ika iku semboyané bangsa Indonesia kang tinulis
ing lambang negara kita Garuda Pancasila. Musik orkèstra: iku dumadi saka manéka warna alat musik kang béda-béda nanging nalika diunèkaké bebarengan kanthi harmonis lan nyawiji, dadiné ya musik orkestra kang éndah lan agung. Semono uga gamelan Jawa utawa piranti musik daérah  liyané: ana akèh piranti musik nanging nalika diunèkaké bebarengan kanthi nyawiji, dadiné ya suwaraning gamelan karawitan utawa musik kang éndah lan ngayut-anyut ing ati. Taman kang éndah uga dumadi saka manéka warna kembang lan tetuwuhan kang béda-béda nanging krana tinata kanthi permati lan becik, temahan ya dadi katon harmonis lan éndah sinawang.

Mangkono uga umat Dalem Gusti Allah. Ana manéka warna timbalan, pakaryan leladi, tetunggilan, kelompok kategorial, kelompok minat, lan devosi ing Pasamuwan Suci, nanging kabèh mau ana ing badan sawiji, yaiku Pasamuwan Suci. Santo Paulus kanthi cetha trewaca nedahaké anané manéka warna nugraha nanging sayektiné asal saka Roh sawiji (1Kor. 12:1-11). Semono uga ana manéka warna kelompok umat saka manéka bangsa lan basa, nanging kabèh tinimbalan ing badan sawiji, yaiku Salira Dalem Sang Kristus, Pasamuwan Suci. Nadyan ana akèh gegelitan nanging ana ing badan sawiji (1Kor. 12:12-30). Mangkono uga Keuskupan  Agung Semarang iku dumadi saka manéka warna kelompok umat, kanthi kahanan kang uga béda-béda, ya suku bangsané, basané, minat, devosi, kelompok kategorial, lan saterusé, nanging kabèh tinimbalan ing badan sawiji, yaiku Pasamuwan, ya Salira Dalem Sang Kristus. Ya iki werdining tetembungan basa Inggris ing ndhuwur Unity and Diversity in the Body kang dadi tagline, semboyan, utawa slogané KEK KAS IV.

Téma KEK KAS IV yakuwi: “Ekaristi: Sumber bagi Orang Katolik yang transformatif dengan rupa-rupa karunia  tetapi satu Roh” (1Kor. 12:4). Déné fokus KEK IV iki yakuwi  “Ekaristi mempererat persaudaraan dan mentransformasi kita menjadi komunitas yang kudus dan misioner” (bdk. GE 142). Muga-muga KEK KAS IV ing wulan Juni 2020 samengko bakal kelakon kanthi rancag, ngemu teges, lan ndayani.

(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)

 

 

Panglimbang BKL 2020, DIna Kaping Patbelas

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
BKL 2020
14 May 2020
Hits: 736

Pelagianisme  Anyar lan Gnostisisme  Anyar

Santo Matias Rasul, kang kita pahargya dina iki, dipilih kanggo nggenepi rasul rolas, sawisé Yudas Iskariot tilar donya. Panjenengané pinilih kanthi ayahan kang cetha, yaiku nggenepi rasul rolas kang mralambangaké dhasaring umat Allah kang anyar, lan dadi wungu Dalem Gusti Yesus (Lel. Ras. 1:21-22). Pitakonané, kepiyé bisané awaké dhéwé mèlu cawé-cawé ing ayahaning para rasul kang digentèni déning para uskup iku kanthi dadi seksi wungu Dalem Sang Kristus ing jaman saiki?

Kasinggihan banget apa kang dingendikakaké Bapa Paus Fransiskus ngèngingi anané rong bebaya gedhé ing Pasamuwan Suci wektu saiki. Lumantar Anjuran Apostolik Gaudete et Exultate (GE), Sri Paus nedahaké anané Gnostisisme  anyar lan pelagianisme  anyar. Gnostisisme  anyar mujudaké sikap lan wawasan kang nduwèni penganggep menawa kawilujengan lan kasucian iku bisa digayuh kanthi ilmu utawa pengetahuan utawa pengalaman utawa gagasan tartamtu kang ngèdabédabi lan istiméwa mungguhing awake dhéwé, nanging tlonjongé ora njalari laku asih tresna marang pepadha. Umpamané, sawenèh wong banget ngungun marang wawasan  filosofi tartamtu, psikologi tartamtu, utawa wawasan tartamtu  kang njalari dhèwèké urip sajroning pikiran lan pangrasané dhéwé. Déné pelagianisme  anyar mujudaké cara mawas (cara pandang) kang wosé nganggep menawa kawilujengan bisa digayuh kanthi tumindak becik lan ora mbutuhaké rahmat utawa pitulungané Gusti Allah. Ing jaman saiki, Paus Fransiskus nedahaké pelagianisme  anyar iku umpamané katon ing wong kang ngegungaké ukum (terobsesi dengan hukum), ketungkul marang keuntungan sosial lan politik, rasa kuwatir kang keladuk tumrap liturgi kanthi ngugemi paugeran liturgi, piwulang lan wibawaning Pasamuwan Suci kanthi kaku, sikap umuk kang gayut karo kabisané ngreksa bab kang praktis, nganti lali marang sih lan pepénginan mitulungi pepadhané, mliginé kang kesrakat (GE 57).

Yèn mangkono dadi saksi wungu Dalem Sang Kristus ing jaman saiki iki yaiku kanthi ngegesang lan tanpa kendhat sinau amrih sangsaya andhap asor, kanthi nyumanggakaké uripé awaké dhéwé diowahi krana nugrahaning Gusti, lan sacara nyata lan konkret nyingkiri Gnostisisme  anyar lan pelagianisme  anyar.

(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)

 

 

Panglimbang BKL 2020, Dina Kaping Rolas

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
BKL 2020
12 May 2020
Hits: 889

Sejarah Kongres Ekaristi Keuskupan ing KAS

 

“Jasmerah” ngendikané Bapak Presiden Soekarno ing pidatoné kang pungkasan, ing pèngetan dina kamardikan  RI, 17 Agustus taun 1966. Apa ta Jasmerah kuwi? Jangan sekali kali meninggalkan sejarah. Amarga ngertèni sejarah iku pancèn penting, mula ing lembaga-lembaga utawa sekolah, isih tetep ana pelajaran Sejarah. Kumpulé Bocah-bocah lan Remaja, Orang Muda Katolik, Bapak-ibu, para anggota Jaringan Kelompok Doa (Jarkod), lan anggota Lembaga Hidup Bakti dadi péranganing sejarah kelakoné Kongres Ekaristi Keuskupan (KEK) ing Keuskupan Agung Semarang. Kabèh mau para pasarta kang asalé saka utusan saben-saben paroki lan kevikepan, sarta anggota kelompok-kelompok doa kang ana ing KAS. Semono uga para suster, bruder, lan frater njangkepi Umat Allah ing KAS sajroning umyeging hajatan KEK.

Keuskupan Agung Semarang ngadani KEK I ing tanggal 27-29 Juni 2008 kanthi téma: “Ekaristi: Berbagi 5 Roti dan 2 Ikan” kanthi punjering kegiatan ana ing Gua Maria Kerep Ambarawa. Patang taun sabanjuré, yaiku ing tanggal 22-24 Juni 2012, kelakon KEK II KAS kang mapan ing Kevikepan Yogyakarta. Ana 4 paroki minangka papan kegiatan yaitu Bantul, Pugeran, Klepu, lan pungkasan ditutup ing Paroki Ganjuran, yakuwi ing sakiwa tengené kompleks Ziarah Hati Kudus Yesus Ganjuran. Déné témané: “Ekaristi: Tinggal dalam Kristus dan Berbuah”. Sabanjuré KEK III diadani ing 4 kevikepan, kanthi tema: “Ekaristi: Sakramen Cinta Kasih: Kamu harus memberi mereka makan”. Marga diadani ing 4 kevikepan lan wektuné béda-béda, mula kelakoné kanggo tingkat keuskupan iki suwé, yaiku wiwit tanggal 29 Mei 2016 minangka pambuka ing Kevikepan Kedu, lan ditutuptanggal 19 Juni 2019 ing Gua Maria Sriningsih, Paroki Dalem, Kevikepan Surakarta.

Muga krana pitulungané Gusti Allah ing Hyang Roh Suci, sejarah Kongres Ekaristi Keuskupan ing KAS bakal tetep bisa diterusaké lan kelakon. Ing wulan Juni 2020 iki uga wis diangkah tumapaking KEK IV KAS. Ancas lan tujuwané mung siji: supayané umat sangsaya nresnani Ekaristi, lan devosiné, minangka sumber lan puncaking uripé.

(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)

 

 

More Articles ...

  1. Panglimbang BKL 2020. Dina Kaping Sewelas
  2. Panglimbang BKL 2020, Dina Kaping Sepuluh
  3. Panglimbang BKL 2020, Dina Kaping Sanga
  4. Panglimbang BKL 2020. Dina Kaping Wolu
Page 4 of 7
  • Start
  • Prev
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • Next
  • End

Kontak

 

  • Boro, Banjarasri, Kalibawang, Kulon Progo, DIY 55672
  • komsosboro@gmail.com ,   
  • www.parokiboro.id
  •      Sekretariat Paroki
  •      gerejaboro@gmail.com
  •      (0274) 2822577 
  •      081226612801 (WA Teks)
  •      Senin - Sabtu 08:00 - 15:00
  •      Minggu          08:00 - 12:00
   

 

 
 
 

Paroki St. Theresia Lisieux Boro, merupakan bagian dari Keuskupan Agung Semarang.

  • Beranda