Cecala Mis kang Cekak


Ing sawijining Mis Suci ing dina Minggu, ada sawenèh imam kang ngandharaké cecala nganti 10 menit. Umat dadi umyeg klisikan, apa manèh umat wis ngadeg wiwit Nyanyian Pambuka nganti Salam Pambagya. Dumadakan ana sawenèh bapak kang wis yuswa dhawah amarga kekeselen jumeneng. Kang padha lungguh ing sakiwa tengené dadi umyeg nulungi bapak iku. Déné imamé kaya-kaya ora nglégéwa yèn umaté wus padha klisikan.

Keagungan Ageman lan Ruang Liturgi

 

Niko, salah sawijining misdinar kang kepéngin ndaftar mlebu Seminari. Nalika wawancara, dhèwèké ditakoni apa motivasi-né kepéngin mlebu Seminari. Niko banjur crita menawa dhèwèké ngrasa ayem lan tentrem nalika ana ing gréja, mliginé nalika Pahargyan Ekaristi. Dhèwèké tansah ngungun lan kesengsem karo imam kang ngagem ageman liturgi nalika ngriyayakaké Ekaristi. “Ketingal prasaja nanging agung sanget!” ngono aturé Niko. Apa kang dirasakké lan dialami Niko iki mbok menawa awaké dhéwé kabèh uga ngrasakké lan ngalami. Ageman liturgi lan uga tata ruang liturgi sayektiné mujudaké simbol-simbol liturgi kang mengku werdi. Mula paugeran liturgi wus mrenata babagan iki kanthi cetha.

Apa Mis Suci Kuwi Sawijining Pagelaran?

 

Sawisé kelompok kor ngidungaké lagu “Remember Me” kanggo ngiringi panampining Komuni, kabèh umat padha keplok bungah, nélakaké rasa ngungun lan gumun marang kelompok kor kang wis ngidung kanthi suwara kang ngresepaké ati. Semono uga nalika imam, ing péranganing homili, ngidungaké lagu “Bojo Galak”. Piyé iki? Andak éntuk keplok sajroning Pahargyan Ekaristi? Apa ta satemené sing digolèki ing Pahargyan Ekaristi kuwi? Apa kang padha dingertèni ngèngingi Ekaristi? Ana sawenèh kahanan kang luwih mrihatinaké nalikané ana umat kang kanthi jujur ngaku: “Rama, kula kepéngin ndhèrèk Mis Suci nanging mboten èstu amargi kedah mawi tikèt lan tikètipun awis”.

Ekaristi minangka Pahargyan Puji Panuwun

 

Sikap seneng nggresula lan sesambat iku mujudaké salah sijining tandha wong kang angèl ngunjukaké panuwun.  Ora disélaki, pancèn akèh prekara ing urip iki kang njalari awaké dhéwé sesambat, kaya ta pagawéyan kang abot lan ngrenggiyeg, lara kang ora énggal mari, asiling makarya kang mung pas-pasan, lan manéka warna kahanan kang ora nyenengaké. Nanging, Ekaristi iku njurung lan nyadharaké kita menawa kita iki satemené kudu luwih ngunjukaké atur panuwun. Awit, sanadyan pancén akèh perkara kang bisa njalari awaké dhewé nggresula lan sesambat, nanging satemené isih luwih akèh perkara kang pantes kita syukuri. Upamané: syukur krana sih Dalem kang milujengaké, syukur krana nugraha urip kang wis kelakon lan isih kelakon, syukur krana kesehatan kang becik, rejeki kang lancar, lan isih akèh manèh bab kang pantes disyukuri.

Milih Nyanyian Liturgi

 

Ngarepaké Mis Paskahan ing sekolah, sawenèh guru katon serius nyawisaké lagu-lagu kang bakal digunakaké ing Pahargyan Ekaristi. Dhèwèké milih nyanyian liturgi mligi kanggo bocah-bocah, pamrihé supaya kabèh umat kang notabene bocah-bocah bisa padha aktif mèlu ngidung. 

Apa kang ditindakaké guru iki mau prayoga banget lan wicaksana. Prosès milah lan milih nyanyian kang digunakaké ing pahargyan liturgi isa ngenut ing Dokumen Musicam Sacram (MS) nomer 9: “Dalam memilih jenis musik ibadat, entah bagi kor entah bagi umat, harus diperhitungkan kemampuan mereka yang harus menyanyikannya. Untuk perayaan liturgis, tidak ada jenis musik ibadat yang ditolak oleh Gereja, asal sesuai dengan jiwa perayaan liturgis itu sendiri dan selaras dengan hakikat masing-masing bagian, dan tidak menghalangi partisipasi aktif dari umat.” 

Sabanjuré, Musicam Sacram ngandharaké ana patang bab penting kang perlu digatèkaké nalika milah lan milih nyanyian liturgi. Nomer siji, perluné nggatèkké sapa kang ndhèrèk pahargyan liturgi. Upamané, kang padha ndhèrèk pahargyan liturgi kuwi bocah-bocah sekolah, prayogané dikupiyakké milih nyanyian liturgis kang jumbuh karo apa kang dingertèni bocah-bocah mau. Loro, perluné mbédakaké antarané nyanyian rohani lan liturgi. Pasamuwan Suci ora nampik jinising musik ibadat apa waé sauger laras lan jumbuh karo jiwaning pahargyan liturgi. Nyanyian liturgi mesthi tansah antuk izin resmi saka otoritas Gréja. Telu, nyanyian  liturgi kang dipilih kudu laras karo tata cara pahargyan  liturginé. Contoné, nyanyian kanthi tema panglimbang sabda ora satrepé digunakaké kanggo ngganti Mazmur Tanggapan. Papat, partisipasi aktif saka umat nalika ngidung, ora dimonopoli déning kelompok kor waé. Liturgi iku pahargyan kang diriyayakaké kabèh umat.

Patang bab iki mau bisa didadèkaké tetimbangan kang go milah lan milih nyanyian liturgi. Diudi aja nganti pahargyan liturgi mung ditindakaké kanthi adhedhasar selera pribadi. Muga-muga kanthi pangertèn kang bener lan wicaksana nalika milih nyanyian, pahargyan liturgi bisa katon semuwa lan njurung umat marang kekeran pakaryan kawilujengan Dalem Gusti Allah ing Sri Yesus Kristus.

(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)