Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Telungpuluh siji

Nggegesang Gréja Misionèr

Dina iki awaké dhéwé ngriyayakaké Riyadi Pantékosta, dina kaping sèket sawisé Gusti Yesus wungu, lan dina  kaping sepuluh sawisé Gusti mèkrad dhateng suwarga. Riyadi Pantékosta iki uga dadi mirunggan awit dicawisaké
kanthi Novena 9 dina nyuwun tedhak Dalem Hyang Roh Suci kanggo Pasamuwan Suci. Pepuntoné prastawa rawuh lan tedhak Dalem Hyang Roh Suci marang para murid, yaiku Pasamuwan Suci, ya awaké dhéwé kabèh iki amrih siap sumadiya diutus minangka Pasamuwan Suci Misionèr krana berkahing Hyang Roh Suci. Ya iki dina madegé Pasamuwan Suci, miturut seratané Santo Lukas ing Lelampahaning Para Rasul.

Kanthi pahargyan Pantékosta iki, ateges sésuk diwiwit mangsa lumrah, nalika Pasamuwan Suci mecaki urip sadina - dina ing madyaning umat manungsa kanthi martakaké Injil lan asung paseksén ngèngingi Gusti Yesus Kristus lan pakaryan panebusan Dalem tumrap kabèh bangsa. Ayahan asung paseksén ing jaman iki minangka wongwong kang wus diwilujengaké yakuwi nélakaké kasaénan Dalem Rama kang wus kita alami ing urip sadina-dina. “Wajah Allah terpantul pada banyak wajah lain. Sebab dalam diri setiap saudara-saudari kita, terlebih mereka yang paling kecil, rapuh, tidak berdaya, dan kekurangan, gambar Allah sendiri tampak” (GE 61).

Pasekséning uripé awaké dhéwé iku ora kandheg mung martakaké ngèngingi Gusti Yesus Kristus, nanging kanthi tanpa kendhat mujudaké iman pengandelé awaké dhéwé iku ing manéka laku lan tumindak kang nyata ing urip  sadina-dina. Gréja Misioner yaiku Gréja kang preduli lan dadi péranganing laku lan pangudi amrih kelakoné tata raharjaning masarakat lan kasaénan (Bonum Commune). Sacara konkret, awaké dhéwé perlu nggegesang Sabda Rahayu saka Gusti Yesus (GE. No. 65-94): dadi miskin sajroning ati; nanggapi samubarang kanthi lembah manah lan andhap asoring manah; dunung kepiyé kudu nangis karo pepadha; njejegaké kaadilan kanthi rasa ngelak lan luwé; mawas lan tumindak kanthi welas asih; njaga ati tetep resik saka samubarang kang ngregeti asih tresna; nyebar katentreman ing sakiwa tengené awaké dhéwé; saben dinanampa dalaning Injil, nadyan akèh nuwuhaké perkara tumraping awaké dhéwé. Yakuwi caking tumindak kasucian kang konkret lan nyata kang bisa kita lakoni ing lingkungané dhéwé-dhéwé.