Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Telungpuluh

Liturgi lan Para Suci

Ing dina Setu ésuk umun-umun, Maksi, sawenèh bocah kelas 3 SMP, wus tangi. Dhèwèké kepéngin mèlu Mis Padinan ing gréja sadurungé mangkat sekolah. Bapakné kang lagi nyirami taneman takon: “Lé, Maksi, kok kesusu anggoné mangkat sekolah. Iki rak lagi jam 5 ta. Ana tugas piket pa?” Karo ngencengaké tali sepatuné, Maksi mangsuli, “Bapak niku pripun ta? Sakniki rak tanggal 14 Agustus ta, Pak, pèngetan Santo Pamomong kula, Santo Maksimilianus Maria Kolbe, martir jaman modern niki.” Bapakné mung mèsem lan mongkok, nduwèni anak lanang sing kèlingan karo Santo Pamomongé. “Wah..., iya... ya. Sik... entèni dhilit, Lé..., Bapak tak ya mangkat néng gréja ngancani kowé.”

Saéba nyenengaké lan nggawé gedhéning ati menawa saben wong Katolik padha kèlingan pèngetan Santo utawa Santa Pamomongé, kaya déné Maksi mau. Muga-muga awaké dhéwé kabèh uga padha kèlingan dina pèngetané Santo utawa Santa Pamomongé dhéwé-dhéwé. Lan saéba beciké menawa ing dina pèngetan kuwi padha tindak gréja ngriyayakaké Mis Suci. Ing Mis Suci iku awaké dhéwé donga-dinonga, sarta nyuwun pitulungané para suci kang lagi diriyayakaké. 

Wus wiwit maabad-abad Pasamuwan Katolik ngurmati para suci ing pahargyan liturgi, luwih-luwih ing Pahargyan Ekaristi. Ana 4 ancas lan tujuwan asung pakurmatan pahargyan liturgi para suci iki, yaiku: 1) memuji lan ngluhuraké Gusti Allah krana pakaryan panebusan Dalem Sang Kristus kang wus diraosaké para suci iku; 2) asung tuladha sugengé para suci tumrap kita; 3) nyuwun sembahyangan lan pangayomanépara suci mau kanggo kita; lan 4) nélakaké tetunggilan kita karo panunggalaning para suci utawa communio sanctorum. Para suci kasebut kalebu péranganing Pasamuwan Suci kang wus mulya ing suwarga. Krana agunging pahargyan liturgi mungguhing para suci iki, para Bapa Konsili Vatikan II ing Konstitusi Liturgi mucalaké, “Sebab dengan mengenangkan hari kelahiran para kudus di surga, Gereja mewartakan misteri Paskah dalam diri para kudus yang telah menderita dan dimuliakan bersama Kristus” (SC 104). Ya marga saka iku, Pasamuwan Suci tansah nyebutaké asmané para suci ing Pahargyan Ekaristi, nalika Sembahyang Puji Panuwun Agung.