Maria, Ibuning Ekaristi
Saben-saben rampung ndhèrèk Mis Padinan, Pak Paulus mesthi banjur sembahyang ing sangarepé pepethan Ibu Maria kang ana ing sandhingé panti imam. Ing ngarepé pepethan Ibu Maria iku, Pak Paulus nyembahyangaké sembahyangan Kidung Maria “Magnificat”. Dhèwèké rumangsa kesengsem karo wosing tembung-tembung ing sembahyangan kasebut. Dhèwèké kepéngin ngluhuraké Gusti lan munjuk sembah nuwun ingarsané sawisé ngriyayakaké Ekaristi, sumber lan puncak ing urip wong-wong pitados.
Padhatan kang ditindakaké Pak Paulus iku becik banget lan sajaké uga digegesang déning wong Katolik salèh liyané. Minangka wong Katolik, awaké dhéwé kudu rumangsa mongkok nggadhahi Ibu Maria. Kena apa? Salah sijiné amarga Ibu Maria duwèni kalenggahan mirunggan ing urip lan pengandel Katolik. Ibu Maria dadi model utawa sakaguru kasaénan lan pengandel saka jaman-majaman. Bab iki naté diandharaké Bapa Paus Fransiskus ing salah sawijining wejangané, ing sembahyangan Angelus ing Roma dina Minggu jam 12 awan. Bapa Paus Fransiskus nélakaké: “Dengan membawa Yesus, Bunda Maria membawakan kita juga sebuah sukacita baru, penuh makna. Ia membawakan kita kemampuan baru untuk melewati saat-saat yang menyakitkan dan sulit dengan iman; ia membawakan kita kemampuan belas kasihan, saling mengampuni, saling memahami, saling mendukung. Maria adalah sakaguru kebajikan dan iman”.
Bapa Paus Yohanes Paulus II uga naté ngandharaké bab kang padha, yaiku ing Ensiklik Ecclesia de Eucharistia (Ekaristi dan Hubungannya dengan Gereja) tanggal 17 April 2003. Diandharaké mangkéné: ”Apabila kita ingin menemukan kembali seluruh kekayaan kedalaman hubungan Gereja dengan Ekaristi, kita tak boleh melupakan Maria, Bunda dan Model Gereja.... Maria dapat membimbing kita ke dalam Sakramen Mahakudus ini, justru karena dia sendiri mempunyai perhubungan mendalam dengan Ekaristi” (EE, No. 53). Paus Yohanes Paulus II kanthi gamblang mastani Ibu Maria minangka Wanita Ekaristi, Bunda Ekaristi. Ing sajeroning sugengé, Ibu Maria iku “Wanita Ekaristi” (EE, No. 53). Pasamuwan Suci tansah mawas Ibu Maria minangka tuladha. Awaké dhéwé kabèh tinimbalan nulad Ibu Maria gayut karo kekeran kang Mahasuci iki