Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Wollikur

Padha déné nucèkaké ing Brayat

 

Ing tanggal 18 Oktober 2015, ing wiwitaning minggu pungkasan Sinode ngèngingi Brayat ing Roma, Paus Fransiskus nganonisasi utawa maringi gelar para suci marang pasangan sesémahan, yakuwi Santo Louis Martin lan Santa Marie-Azelie Guerin. Pasutri suci iki kagungan putra 9, nanging sing papat wus tilar donya nalika isih bayi, lan kang 5 iku wadon kabèh, lan kabèh-kabèhé dadi biarawati ing abad XIX. Putri ragilé dadi priyantun suci kang kawentar banget yaiku Santa Theresia dari Kanak-kanak Yesus. Paus Fransiskus ngendika, “Pasangan suci Louis Martin dan Marie-Azelie Guerin melakukan ibadat Kristen dalam keluarga, setiap hari menciptakan lingkungan iman dan kasih yang membina panggilan anak-anak perempuan mereka.”

Salah siji piwelingé Paus Fransiskus kanggo awaké dhéwé yaiku menawa dadi wong suci mono dudu previlese (hak istimewane) para imam, bruder, suster, uskup, utawa kepara paus. Saben wong, kalebu awaké dhéwé para awam, uga katimbalan kanggo urip suci. Para Bapa Konsili Vatikan II wus paring piwucal: “Dalam Gereja, semua anggota, entah termasuk hierarki entah digembalakan olehnya (umat biasa), dipanggil untuk kesucian, menurut amanat Rasul: ‘Sebab inilah kehendak Allah, pengudusanmu’” (1Tes. 4:3; lih. Ef. 1:4). Kamangka komunitas paling cilik lan alamiah sacara sosial lan kepara malah diwastani minangka Ecclesia Domestica (Gereja-Keluarga) iku brayat kita dhéwé-dhéwé iki. Urip ing timbalan apa waé, ya minangka imam, bruder, suster, utawa brayat utawa urip piyambakan, kepiyéa waé sadurungé ya didhapuk (dibentuk) saka brayaté dhéwé-dhéwé.

Ya marga saka iku, urip ing brayat iku urip kanggo nucèkaké siji lan sijiné. Saben-saben warganing brayat katimbalan lan diutus kanggo nucèkaké siji lan sijiné, kang sumberé yaiku tetunggilan kaliyan Gusti. Kamangka tetunggilan kaliyan Gusti iku kelakoné kanthi mirunggan (istimewa) ya ana ing Pahargyan Ekaristi. Mula brayat kristiani mung bisa nucèkaké siji lan sijiné menawa ngangsu saka sumberé, yaiku Ekaristi.