Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Pitulikur

Ekaristi Sumber Kasucian Zaman Now

 

Santo Yohanes saka Salib mrayogakaké supaya ngudi bisané tansah ngadhep lan tetunggilan ingarsaning Allah, mbuh kuwi riil, imajinatif, utawa unitif. Wekasané, rasa kangen dhateng Allah gelem ora gelem kudu ditélakaké kanthi manéka warna cara lumantar urip kita sadina-dina: “Bertekunlah dalam doa tanpa mengabaikannya, bahkan di tengah-tengah kesibukan lahiriah. Entah kamu makan atau minum, entah berbincang dengan orang lain atau melakukan apa pun juga, inginkanlah Allah selalu dan tambatkanlah hatimu kepadaNya” (GE. No. 148).

Iki mau kang dadi pangajake Bapa Paus Fransiskus tumrap awaké dhéwé kabèh amrih bisané mujudaké kasucian ing zaman now kanthi cara urip kang ngeneraké dhiri pribadi marang karsané Gusti, mijèkaké wektu kanggo mikiraké pisowanan Dalem (hadirat-Nya) lan nindakaké ayahan utawa aktivitas padinané awaké dhéwé, tanpa sakedhèping netra nolèhaké praupan kita saka kasaénan lan sih welas Dalem kang tansah ngreksa urip kita. Kepiýe bisané ditindakaké? Kanthi Pahargyan Ekaristi, awaké dhéwé nampa nugrahanugraha panguripan. Ritus Pambuka mènèhi kalodhangan awaké dhéwé kanggo nglenggana rawuh Dalem Gusti ing panunggilan minangka warganing Pasamuwan kang nduwèni dosa nanging katimbalan ngalami lan ngraosaké Berkah Dalem. Liturgi Sabda ndadèkaké awaké dhéwé linubèran Sabda Dalem Gusti kang nembé waé kita pirengaké saka  Kitab Suci lan digegulang manèh lumantar homili ngèngingi  apa kang dadi karsa  Dalem, amrih kita cak-ké ing urip padinan. Ing Liturgi Ekaristi awaké dhéwé diajak mlebet ing  panunggilan kang nyata kaliyan Gusti Yesus lan bebarengan umat liyané lumantar panampining Komuni Suci saka roti  kang dicuwil-cuwil  lan ditampakaké marang kabèh umat.  Déné saka Ritus Penutup, awaké dhéwé kabèh nampa ayahan diutus martakaké lan mujudaké kabar bungahing urip sadinadina adhedhasar wosing Sabda lan Roti Ekaristi kang wus kita  tampa. 

Awaké dhéwé ditunggilaké ing Pahargyan Ekaristi kang  nucèkaké lan uga nampa ayahan perutusan kanggo martakaké  Kabar Kabungahan. Acara padinan, kalodhangan makarya utawa kridha (kegiatan) apa waé iku ora mung kandheg dadi sawijining acara, nanging kabèh  mau ngetuk, mili saka rahmat lan berkahing Ekaristi kang kita riyayakaké kanggo nyemangati lan negesi kabèh lelampahaning urip padinan. Ya iki wujuding kasucian zaman now.