Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Nemlikur

Pasedhèrèkan Sejati kang Lair saka Ekaristi

 

Nalika ngayahi tugas minangka perwakilan Takhta Suci Vatikan (Apostolic Visitor) kanggo negara Bulgaria kang  mayoritas penduduké warga Gereja Kristen Ortodoks, Mgr. Angelo Roncalli rawuh lan nawakaké semangat pasedhèrèkan kang tulus. Relasi antarané Pasamuwan Katolik Roma lan Gréja Ortodoks kang mauné kaku, alon-alon dadi luwih raket awit saka ketulusan, sikap prasaja, lan tinarbuka marang sedulursedulur Ortodoks. Nalika panjenengané séda minangka Paus Yohanes XXIII ing tanggal 3 Juni 1963, warga Bulgaria mastani panjenengané minangka “Nyala Lilin dari jendela kami Di Bulgaria”. Ketulusan sajroning ngrakit paseduluran pranyata  banget ajiné nalika sing liyané padha sinaput ing sikap kaku lan rasa benci.

Paseduluran tuwuh saka sunaring pengandel. Pengandel nuntun wong pitados — apa waé agamané — kanggo mawas dhiri pribadiné lan uga pepadhané, seduluré lanang utawa wadon amrih diasihi lan ditresnani. Kanthi imané marang Gusti Allah kang wus nyipta alam sawegung lan kabèh umat manungsa, umat pitados katimbalan ngrakit paseduluran kanggo ngreksa lan ngayomi yasan Dalem lan alam sawegung sarta njurung mbiyantu kabèh wong, mliginé kang paling miskin lan kang paling mbutuhaké. Mangkono iku isining dokumen ngèngingi Persaudaraan Manusia untuk Perdamaian Dunia dan Hidup Beragama, Perjalanan Apostolik Bapa Suci Fransiskus ke Uni Emirat Arab, 3-5 Februari 2019.

Tumrapé awaké dhéwé umat Katolik, sumberé semangat paseduluran iki ya ana ing Pahargyan Ekaristi. Ana ing Ekaristi awaké dhéwé kabèh rak padha nampa roti kang padha! Tegesé awaké dhéwé ditunggilaké ing Sang Kristus kang sawiji lan padha. Kanthi mangkono, awaké dhéwé ditunggalaké siji lan sijiné minangka sedulur. Paseduluran iki ora mung kandheg nalika Ekaristi nanging digawa lan lumintu ing urip sadinadina.