Ekaristi Ngraketaké Paseduluran
Dina iki awaké dhéwé mèlu bungah-bungah bebarengan umat Muslim kang nembé ngriyayakaké Idul Fitri 1 Syawal 1441 H. Ing sawetara paroki, ana padatan kang becik lan positif yaiku pastor lan para pengurus dewan pastoral paroki nganakaké kunjungan silahturahmi marang pejabat publik (walikota, bupati, camat, lurah, dst.), marang tokohtokoh agama Islam, lan uga marang pimpinan pondok pesantren. Ngrakit silahturahmi, ngraketaké paseduluran ing antarané tokoh lintas agama lan kepercayaan iku satemené pancèn kudu ditindakaké, awit awaké dhéwé iki manggon ana ing tengah-tengahing masyarakat kang majemuk. Kepara ora mung ing dina-dina gedhé waé, nanging saben dina kuduné awaké dhéwé ngudi anané paseduluran kang tulus lan sejati marang umat Islam lan uga umat kang ngenut agama liyané.
Wus samesthiné menawa paseduluran ing antarané umat salingkungan sangsaya diteguhaké lan diraketaké kanthi patemon antar pribadi ing lingkungan. Ya marga saka iku, Bapak Yustinus Kardinal Darmoyuwono (alm.) ngendikakaké: “Dadi wong Katolik iku kudu ngumpul. Yèn ora ngumpul bakal ucul. Yèn ngumpul kudu wani cucul”.
Paus Yohanes Paulus II ngendikakaké menawa tetunggilaning Ekaristi iku neguhaké Pasamuwan jroning panunggilan minangka Salira Dalem Sang Kristus (bdk. EE No. 23). Awit Roh iku sawiji, umat dilebetaké ing tetunggilan Pasamuwan Suci sawegung. Déné, Kenan B. Osborne ana ing bukuné Komunitas, Ekaristi dan Spiritualitas ngandharaké: “Tidak ada Ekaristi di dalam sebuah komunitas yang anggotaanggotanya tidak saling mengasihi”. Tegesé, wong kang padha rawuh ing Pahargyan Ekaristi nanging atiné mèri, drengki-srèi, lan ora bisa ngapura, wong kasebut satemené ora ngriyayakaké Ekaristi kanthi becik lan pantes. Sacara yuridis, Mis Sucine ya tetep sah, ananging menawa mat kang ngriyayayakéu Mis Suci iku ora nggegesang semangat sih lan paseduluran, ya ing antarané pepadhaning umat utawa karo umat kelompok liyané, kang béda ras, suku, lan agamané, umat kasebut satemené ngriyayakaké Ekaristi kanthi kurang pantes.