Ngayahi Liturgi kanthi Piranti Digital
Sawjining wektu ana sawenèh imam mudha kang kudu ngunjukaké Mis Suci ing stasi kang adoh saka pastoran, udakara 40 kilometer dohé. Nalika arep miwiti Mis Suci dumadakan piyambaké lagi sadhar menawa ara nggawa Lectionarium utawa Kitab Suci. Piyambaké banjur njaluk tulung marang umat supaya nggolèkaké Kitab Suci, nanging jebul ora ana. Imam kang isih mudha lan kreatif iku pungkasané kèlingan menawa ana aplikasi Kitab Suci ing HP-né. Wekasan ing Mis Suci iku piyambaké nggunakaké aplikasi Kitab Suci saka HP-né, lan mbareng rampung anggoné maos Injil banjur ngangkat HP-né lan ngunjukaké aklamasi sawusé Injil, “Mangkono sabdaning Injil Suci”. Kabèh umat uga asung wangsulan kanthi manteb lan semangat, “Pinujia Sang Kristus”.
Ngangkat HP kaya déné ngangkat Injil utawa Evangeliarium kaya kang katindakaké imam mudha kasebut mesthi waé ya ora trep sacara liturgis. Mung waé saka crita kasebut, maos Kitab Suci saka aplikasi ing HP ya isa ditampa, kanthi pawadan marga kahanan darurat, dudu kahanan normal. Mung waé ing babagan ini uga bisa nuwuhaké persoalan liturgis liyané: andak pancén dililani ngayahi liturgi kanthi piranti digital? Konstitusi Liturgi nélakaké menawa sarana piranti komunikasi bisa digunakaké ing pahargyan liturgi nanging kudu dicakaké kanthi wicaksana lan penuh urmat (SC 20). Nanging sacara umum, awaké dhéwé satemené uga wus kulina nggunakaké sound system, dokumentasi, monitor-monitor, siaran radio lan televisi ing pahargyan liturgi, semono uga LCD proyektor. Mung waé LCD proyektor iki beciké mung digunakaké ing wektu utawa pérangan tartamtu saka Pahargyan Ekaristi, kaya ta nalika nedahaké syair nyanyian utawa refren Mazmur Tanggapan lan sapanunggalané, lan ora ing sasuwéné Mis Suci. Menawa ana tim dokumentasi kang ngrekam Mis Suci kasebut, prayogané kang katon ing monitor ya winates kang ana ing panti imam, mliginé kanggo imam utawa paraga kang lagi ngayahi tugas liturgi, lan ora kanggo nggolèki umat kang rupané ayu, agemané nganèh-anèhi, utawa malah pas lagi ngantuk, saéngga malah ngganggu pahargyan.
Ya ing kéné iki tim pelayanan liturgi kanthi pendampingané Rama Paroki bisa ndunungaké. Menawa piranti digital iku mau dicakaké kanthi wicak lan penuh urmat, temtuumat bakal sangsaya jinurung bisa ngrasak-ngrasakaké liturgi kanthi sapenuhing manah.