Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Telulikur

Homili: Martakaké Sabda


Sakwisé Pahargyan Ekaristi ing Gréja Paroki rampung, Rama Irwan nyalami lan ngaruh-aruhi umat kanthi ramah  néng sangareping pintu gréja. Salah sijining umat karo salaman matur, “Rama, homilinipun kalawau jiiannn.... TOP BGT alias top banget, mengena sekali... makjleb.... Homilinipun Rama ndadosaken Sabda Dalem Gusti langkung cetha lan tercawa dipun mangertosi.”

Tembung homili kang diaturaké umat iki mau trep banget. Homili kuwi apa ta? Pedoman Umum Misale Romawi (PUMR) nélakaké: “Homili merupakan bagian liturgi dan  sangat dianjurkan, sebab homili itu penting untuk memupuk semangat hidup Kristen. Homili itu haruslah merupakan penjelasan tentang bacaan dari Alkitab, ataupun penjelasan tentang teks lain yang diambil dari ordinarium atau proprium Misa hari itu, yang bertalian dengan misteri yang dirayakan, atau yang bersangkutan dengan keperluan khusus umat yang hadir” (No. 65). Homili iku wujuding wewarta kang tansah bebancik Alkitab lan dadi péranganing liturgi. Tegesé homili iku asipat resmi lan diandharaké déning imam. 

Homili iku béda karo khotbah. Tembung khotbah iku gayut karo wewarta ngèngingi iman utawa moral kanthi tema apa waé lan diandharaké ing wektu saliyané liturgi utawa ibadat. Umpamané, nalika ada imam kang ngandharaké bab- bab kang becik, salèh, lan suci marang umat ing sawijining pepanggihan, imam kasebut bisa diarani nembé ngaturaké khotbah. Apa kang diandharaké ora kudu alandhesan Kitab Suci. Déné yèn homili iku mesthi tansah adhedhasar waosan Kitab Suci. Mung waé ana ing Mis Suci, kang kepareng ngayahi homili iku mung kang wus ditahbiské. Prodiakon minangka awam olèh ngaturaké homili nanging yèn ana ing ibadat, dudu Mis Suci. Déné yèn khotbah iku bisa diandharaké sapa waé, awit mesthi katindakaké ing wektu saliyané liturgi utawa ibadat. Fungsi homili yaiku ngandharaké kanthi luwih gamblang lan ndhudhah werdining waosan Kitab Suci, mula kudu disingkiri menawa tujuwané saliyané kang kasebut iki. Aja nganti homili lan khotbah kang diandharaké malah ngemot panyendhu (sindiran) lan ndadèkaké ora kepénaking ati umat kang rawuh.

(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)