Ekaristi kang Nuwuhaké Kabungahan, Preduli, lan Seneng Andum
Sawijining dina, Rama Johan ngunjukaké Pahargyan Ekaristi ing sawijining kapèl. Rampung pahargyan, panjenengané diajak niliki sawenèh umat kang lagi lara, ana ing omahé. Sarombongan padha ngaruhaké lan nyembahyangké kang lagi lara. Nalika iku katon banget anané rasa solidaritas, kawigatèn lan rasa guyub kang rumaket ing antarané umat siji lan sijiné. Rasa guyub lan tetunggilan iki tuwuh krana iman kapitayan kang padha marang Sang Kristus Yesus ing Pasamuwan Katolik lan mliginé saka Ekaristi kang kanthi tumemen diriyayakaké. Ing dina liyané, Rama Johan uga disuwun ngunjukaké Mis Suci kanthi ujud memulé utawa pèngetan arwah. Kang ada-ada anané Mis Suci iki kanyata saka lingkungan, sanadyan kanggo kepentingan pribadi salah sawijining brayat. Lingkungan rumangsa perlu mbiyantu brayat mau. Konsumsi, liturgi, kor, lan keperluan liyané ditanggung bebarengan kanthi iklas lan sukarila déning umat lingkungan. Katon banget anané rasa guyub lan tetunggilan kang éndah lan uga semangat lungtinulung lan rung-jinurung siji lan sijiné.
Pengalamané Rama bareng karo umat kaya kang diandharaké ing dhuwur iku mula pancèn apik banget lan nggugah ati kita kabèh. Apa kang padha ditindakaké iku mujudaké laku ing jaman iki, kaya déné apa kang naté ditindakaké para pandhèrèk Dalem Gusti Yesus sawisé séda lan wungu Dalem. Ing Lelampahaning Para Rasul 2:42-47, kabèh padha mantep, mempeng anggoné ndhèrèk piwulangé para Rasul, manunggal urip sarukun, tetep anggoné padha ndhèrèk bojana, lan nindakaké sembahyang. Sabda Dalem Gusti lan Ekaristi iku kang njalari lan ndayani wong-wong iku banjur padha seneng andum berkah, lung-tinulung sarta urip ing kabungahan. Katemenan anggoné padha ngriyayaké Ekaristi iki pranyata nengsemaké wong-wong liyané kang durung padha ngandel marang Sang Kristus. Ing ayat 47 diandharaké menawa wong-wong iku seneng lan kepranan marang apa kang ditindakaké wong-wong Kristen lan sabanjuré padha nunggal wong-wong iku. Ayo bebarengan padha digegulang Lelampaning Para Rasul 2:42-47 iki. Pahargyan Ekaristi kang kita riyayakaké ing samengko dadi tuking ekuatan kita amrih ditansah bungah, preduli, seneng andum berkah ing urip sadina-dina lan tundhoné dadi paseksèn tumrap wongwong ing sakiwa tengen kita.
(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)