Ekaristi Ndayani Semangat Ber-Evangelisasi
Pastor Sebastian Vazhkala iku mitra raketé Ibu Teresa. Mèh 30 taun panjenengané kekancan karo Ibu Teresa. Miturut Pastor Sebastian, Ibu Teresa nampi pratandha saking Gusti Yesus ing sajroning Pahargyan Ekaristi sadurungé ngedegaké Kongregasi Misionaris Cinta Kasih. Pastor Sebastian Vazhkala nduwèni cathetan asta kang diserat déning Ibu Teresa gayut pepanggihané kaliyan Gusti Yesus ing Pahargyan Ekaristi iku. Panampining pratandha Ibu Teresa dumadi wiwit tanggal 10 September 1946 nganti 3 Desember 1947. Nalika nampa Komuni Suci, Ibu Teresa kaya nampa wisik saka Gusti Yesus kang paring pangandika, “Aku ingin para biarawati India, yang mengasihi-Ku, yang mau menjadi Maria dan Marta, yang sungguh mau menyatukan dirinya dengan-Ku, memancarkan Kasih-Ku kepada jiwa-jiwa.” Pungkasané, ya lumantar pepanggihané karo Gusti Yesus ing Pahargyan Ekaristi iku, Ibu Teresa nampa berkah langsung saka Gusti Yesus kanggo ngedegaké Kongregasi Misionaris Cinta Kasih kang akèh mitulungi wong miskin, sèkèng, lan kesrakat ing India, kepara malah banjur sumebar ing saindenging donya.
Pengalamané Ibu Teresa iki dadi bukti nyata menawa Sang Kristus èstu rawuh ing Pahargyan Ekaristi lan kang tansah ndayani kabèh umat kanggo martakaké kasaénan ing urip padinan. Ya iki tegesé ber-evangelisasi, yakuwi martakaké Kraton Dalem Gusti Allah marang donya amrih kawilujengan lan kasaénaning donya. Pawadan kang baken kanggo ngayahi evangelisasi yaiku asih tresna Dalem Gusti Yesus kang wus kita tampa, pengalaman kawilujengan kang njurung kita amrih tansah sangsaya nresnani Panjenengané (Evangelii Gaudium art. 264). Kejaba iku, ing Katekismus Gereja Katolik nomer 292 diandharaké menawa wohing Komuni Suci yaiku ngraketaké tetunggilan kita karo Sang Kritus lan karo Pasamuwan Dalem. Ekaristi kaya déné tuking berkah kang mili tumrap kita, lan kang ndayani kasucian mungguhing manungsa lan uga kanggo mulyakaké Gusti Allah ing Sang Kristus, kang mujudaké gegayuhaning kabèh pakaryaning Pasamuwan Suci liyané (Sacrosanctum Concilium 10). Wus maabad-abad lawasé, Ekaristi dadi sumbering kekuatan tumrap para misionaris sajroning martakaké Kabar Sukagambira Injil tumrap kabèh bangsa, nganti tekan saiki.
(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)