Akèh Timbalan Mungguhing Kasucian kang Padha
Mbok menawa awaké dhewé naté tindak ing sawenèh papan ing Indonesia iki. Nalika tindak-tindak iku, kalamangsané awaké dhéwé nemoni wong-wong Katolik kang asalé saka Keuskupan Agung Semarang, nanging aktif banget nèng paroki kang dudu wewengkoné Gereja Keuskupan Agung Semarang. Nalika ditakoni, “Panjenengan saking pundi?”, mbok menawa padha mangsuli: “Kula saking Jogja, Magelang, Klaten, Wonosari, utawa Solo”. Semono uga ora sethithik imam, bruder, lan suster kang makarya ing ngendi-endi, malah kepara ana ing laladan Eropa lan papan misi liyané, kang uga asal saka Keuskupan Agung Semarang. Piyambaké iki sanak sedhèrèk kita umat Katolik KAS kang ngayahi karya misi sacara konkret lan peng-pengan.
Pasamuwan Suci Keuskupan Agung Semarang bakal ngancik yuswa 80 taun ing taun 2020 iki, yakuwi wiwit madegé minangka Vikariat Apostolik Semarang taun 1940. Nyimak pengalaman ing ndhuwur, pranyata akèh umat Katolik lan uga imam, bruder, lan suster saka Keuskupan Agung Semarang kang urip, leladi, lan ngayahi karya misi ing wewengkon sajabané KAS, mula wis sapantesé menawa awaké dhéwé ngunjukaké puji syukur tanpa kendhat ingarsané Gusti.
Dina iki dina Minggu Timbalan. Timbalan minangka misionaris iku yektiné mujudaké timbalané awaké dhéwé kabèh. Dadi misionaris ateges dadi wong-wong kang martakaké Injil marang wong liya, ya kang awujud paseksèning urip utawa kanthi pakaryan leladi kita dhéwé-dhéwé. Saéba perlu lan wigatiné awaké dhéwé tansah nyenyuwun kanthi dedonga ingarsané Gusti amrih tansah ngintun para-parakang karsa makarya ing kebun anggur Dalem. Kang padha makarya ing kebun anggur Dalem iku para imam, bruder, suster, lan uga rasul-rasul awam kang uripé mula diabdèkaké tumrap Pasamuwan Suci lan masyarakat. Ing Pasamuwan kita, ana akèh timbalan, nanging kabèh kuwi katimbalan ing kasucian kang padha, yaiku tetunggilan karo Gusti. Ing Pahargyan Ekaristi, tetunggilan karo Gusti iku, kita alami sacara istimewa lan mirunggan.
(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)