Panglimbang BKL 2020 Dinten Kapindho

Dina kapindho

Nresnani Ekaristi lan Devosiné

 

Nalika lagi mangan bareng nèng ngomah, Silvi kang lagi kelas II SMA takon marang bapakné, “Pak, kok badhé wonten Kongres Ekaristi Keuskupan malih, nggih? Saémut kula sawetawis taun kepengker ugi sampun wonten Kongres Ekaristi ta? Tur malih naminé kok kongres ta, Pak? Napa nggih sami kalih kongres partai-partai niku nggih, Pak?” Pak Stefanus mangsuli, “Ya béda ta, Ndhuk, karo kongres partai kaé.... Iki rak Kongres Ekaristi. Lha Ekaristi iku waé rak mujudaké pahargyan liturgi, lha ya mesthi béda. Ning, persisé apa lan kepiyé..., bapak ya durung ngerti jé, Ndhuk.... Mbok coba golèkana néng google.” Silvi ya banjur browsing néng google, lan mbareng wis nemu banjur kandha, “Oh leres, Pak.... pancèn wonten, malah ugi badhé wonten Kongres Ekaristi Internasional, taun 2020 menika diadani wonten ing Budapes Hongaria.” Bapak lan ibuné mung mèsem karo manggut-manggut.

Keuskupan Agung Semarang pancèn arep ngadani Kongres Ekaristi Keuskupan (KEK) manèh, yakuwi kang kaping papat ing wulan Juni 2020 mengko. Tumapaking KEK saben patang taun iki tansah bebarengan karo tumapaking Kongres Ekaristi Internasional, kang ing taun iki bakal diadani ing Budapes Hongaria, yaiku ing tanggal 13-20 September 2020. Hajatan Kongres Ekaristi mesthi waé ora mung acara ramé-ramé kanthi wragat kang ora sethithik, nanging satemené mujudaké devosi Ekaristi kang diprayogakaké banget déning para Bapa Paus. Kongres Ekaristi iki pancèn wis dadi tradhisi suwé wiwit taun 1881. Bab iki ditélakaké déning Paus Benediktus XVI ing Anjuran Apostolik Sacramentum Caritatis (SCar. art. 68) supaya umat Katolik sangsaya nresnani lan ngugemi sih Dalem Gusti kang rawuh sacara mirunggan ing Pahargyan Ekaristi.

Umat Katolik wus sangsaya nglenggana mungguh wigati lan perluné Pahargyan Ekaristi. Nanging isih akèh umat Katolik kang durung nggegesang Ekaristi, mliginé ing devosi-devosi Ekaristi kaya déné Adorasi Ekaristi, Prosesi Sakramèn Mahasuci, lan Kongres Ekaristi. Awaké dhéwé wis ndhèrèk Pahargyan Mis Suci saben dina Minggu, nanging mbok menawa isih akèh kang durung sregep sembahyang ing sangajengé Sakramèn Mahasuci.

(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)