Mujudaké Owah-owahaning (Transformasi) Urip kanthi Prasaja
Dina iki tanggal 1 Mei, ngepasi dina prèi, yaiku prèi Hari Buruh. Dina iki Pasamuwan Suci uga mèngeti Santo Yusuf Pekerja. Pak Ignatius Sutarjo lan sisihané mbukak jasa jahitan, jalaran kekaroné pancèn penjahit. Pak Sutarjo nduwé karyawan cacah 4, kanggo nyukupi akèhing pelanggané. Wingi, ing tanggal 30 April, Pak Sutarjo lan para karyawané mijèkaké wektu nganakaké evaluasi lan kanggo nampa usulan-usulan amrih sangsaya majuné jasa Taylor-é. Dhèwèké uga mènèhi kado mirunggan kanggo ngriyayakaké Hari Buruh iki. Suwasana pagawéyan dadi sangsaya nyenengaké lan rumaket, lan upahé para karyawan uga wis ngluwihi UMR. Sadurungé padha makarya lan nalika arep bali, padha sembahyang bebarengan, kanthi tetep ngormati kang nduwèni kapitayan liya.
Pak Sutarjo lan sisihané wus nindakaké bab kang prasaja nanging apik banget kanggo asung paseksén mungguhing iman Katolik kang transformatif. Sembahyang lan Ekaristi brayat Pak Sutarjo dadi sumbering kekuatan kang ndayani uripé, saéngga uripé bebarengan lan leladiné bisa dadi berkah. Bab iki laras lan jumbuh banget karo lampah lakuné Keuskupan Agung Semarang kang ing taun 2020 iki mijèkaké kawigatèné/fokus ing babagan iman kang njurung transformasi kehidupan. Tuladha panguripan kaya kang dilakoni brayaté Pak Sutarjo iki nedahaké apa kang diajab déning para Bapa Konsili Vatikan II kang nélakaké menawa liturgi mliginé Ekaristi njurung umat pracaya amrih tetunggalan sabudi lan samanah ing sih tresna, sarta ngecakaké ing urip padinan apa kang wus ginayuh lan ditampa ing iman kapitayan; lan transformasi urip iku murub krana sih tresna Dalem Sang Kristus kang murub makantarkantar kaya déné kang diriyayakaké ing Pahargyan Ekaristi (bdk. SC 10).
Owah-owahaning (Transformasi) urip krana berkahing iman kang diriyayakaké ing Pahargyan Ekaristi luwih-luwih ora kok katon kanthi pakaryan-pakaryan kang gedhé lan ngédab-édabi, nanging kepara kanthi tumindak sepélé lan prasaja ing sakiwa tengen kita.
(Komisi Liturgi KAS, Panduan BKL Basa Jawa: Ekaristi Sumber kang Ndayani Owah-owahaning Urip; Panglimbang Wulan Maria lan Wulan Katekese Liturgi, Kanisius 2020)