komsosboro@gmail.com
(+62) 081390127644 

Sidebar

Main Menu

  • Beranda
  • LIVE
  • Berita
  • Jadwal
  • WILAYAH
  • Renungan
  • Dokumentasi
Paroki St. Theresia Lisieux Boro Paroki St. Theresia Lisieux Boro
  • Beranda
    • Tentang Paroki Santa Theresia Lisieux Boro
    • Sejarah
  • LIVE
  • Berita
  • Jadwal
  • WILAYAH
    • WILAYAH 1
    • WILAYAH 2
    • WILAYAH 3
    • WILAYAH 4
    • WILAYAH 5
    • WILAYAH 6
    • WILAYAH 7
    • WILAYAH 8
    • WILAYAH 9 ST. YUSUP BALONG
    • WILAYAH 10 ST LUCIA KALIREJO
    • WILAYAH 11 ST. IGNASIUS LOYOLA SAMIGALUH
    • WILAYAH 12 ST. MARIA ASSUMPTA GOROLANGU
  • Renungan
    • Basa Jawa
    • BKL 2020
  • Dokumentasi

  1. Home
  2. Renungan
  3. BKL 2020

Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Telungpuluh siji

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
BKL 2020
01 June 2020
Hits: 963

Nggegesang Gréja Misionèr

Dina iki awaké dhéwé ngriyayakaké Riyadi Pantékosta, dina kaping sèket sawisé Gusti Yesus wungu, lan dina  kaping sepuluh sawisé Gusti mèkrad dhateng suwarga. Riyadi Pantékosta iki uga dadi mirunggan awit dicawisaké
kanthi Novena 9 dina nyuwun tedhak Dalem Hyang Roh Suci kanggo Pasamuwan Suci. Pepuntoné prastawa rawuh lan tedhak Dalem Hyang Roh Suci marang para murid, yaiku Pasamuwan Suci, ya awaké dhéwé kabèh iki amrih siap sumadiya diutus minangka Pasamuwan Suci Misionèr krana berkahing Hyang Roh Suci. Ya iki dina madegé Pasamuwan Suci, miturut seratané Santo Lukas ing Lelampahaning Para Rasul.

Read more ...

Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Telungpuluh

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
BKL 2020
30 May 2020
Hits: 961

Liturgi lan Para Suci

Ing dina Setu ésuk umun-umun, Maksi, sawenèh bocah kelas 3 SMP, wus tangi. Dhèwèké kepéngin mèlu Mis Padinan ing gréja sadurungé mangkat sekolah. Bapakné kang lagi nyirami taneman takon: “Lé, Maksi, kok kesusu anggoné mangkat sekolah. Iki rak lagi jam 5 ta. Ana tugas piket pa?” Karo ngencengaké tali sepatuné, Maksi mangsuli, “Bapak niku pripun ta? Sakniki rak tanggal 14 Agustus ta, Pak, pèngetan Santo Pamomong kula, Santo Maksimilianus Maria Kolbe, martir jaman modern niki.” Bapakné mung mèsem lan mongkok, nduwèni anak lanang sing kèlingan karo Santo Pamomongé. “Wah..., iya... ya. Sik... entèni dhilit, Lé..., Bapak tak ya mangkat néng gréja ngancani kowé.”

Read more ...

Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Wollikur

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
BKL 2020
28 May 2020
Hits: 1016

Padha déné nucèkaké ing Brayat

 

Ing tanggal 18 Oktober 2015, ing wiwitaning minggu pungkasan Sinode ngèngingi Brayat ing Roma, Paus Fransiskus nganonisasi utawa maringi gelar para suci marang pasangan sesémahan, yakuwi Santo Louis Martin lan Santa Marie-Azelie Guerin. Pasutri suci iki kagungan putra 9, nanging sing papat wus tilar donya nalika isih bayi, lan kang 5 iku wadon kabèh, lan kabèh-kabèhé dadi biarawati ing abad XIX. Putri ragilé dadi priyantun suci kang kawentar banget yaiku Santa Theresia dari Kanak-kanak Yesus. Paus Fransiskus ngendika, “Pasangan suci Louis Martin dan Marie-Azelie Guerin melakukan ibadat Kristen dalam keluarga, setiap hari menciptakan lingkungan iman dan kasih yang membina panggilan anak-anak perempuan mereka.”

Read more ...

Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Sangalikur

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
BKL 2020
28 May 2020
Hits: 982

Maria, Ibuning Ekaristi

 

Saben-saben rampung ndhèrèk Mis Padinan, Pak Paulus mesthi banjur sembahyang ing sangarepé pepethan Ibu  Maria kang ana ing sandhingé panti imam. Ing ngarepé pepethan Ibu Maria iku, Pak Paulus nyembahyangaké sembahyangan Kidung Maria “Magnificat”. Dhèwèké rumangsa kesengsem karo wosing tembung-tembung ing sembahyangan kasebut. Dhèwèké kepéngin ngluhuraké Gusti lan munjuk sembah nuwun ingarsané sawisé ngriyayakaké Ekaristi, sumber lan puncak ing urip wong-wong pitados. 

Read more ...

Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Pitulikur

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
BKL 2020
27 May 2020
Hits: 951

Ekaristi Sumber Kasucian Zaman Now

 

Santo Yohanes saka Salib mrayogakaké supaya ngudi bisané tansah ngadhep lan tetunggilan ingarsaning Allah, mbuh kuwi riil, imajinatif, utawa unitif. Wekasané, rasa kangen dhateng Allah gelem ora gelem kudu ditélakaké kanthi manéka warna cara lumantar urip kita sadina-dina: “Bertekunlah dalam doa tanpa mengabaikannya, bahkan di tengah-tengah kesibukan lahiriah. Entah kamu makan atau minum, entah berbincang dengan orang lain atau melakukan apa pun juga, inginkanlah Allah selalu dan tambatkanlah hatimu kepadaNya” (GE. No. 148).

Read more ...

More Articles ...

  1. Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Nemlikur
  2. Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Selawe
  3. Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Patlikur
  4. Panglimbang BKL 2020 Dina Kaping Telulikur
Page 1 of 7
  • Start
  • Prev
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • Next
  • End

Kontak

 

  • Boro, Banjarasri, Kalibawang, Kulon Progo, DIY 55672
  • komsosboro@gmail.com ,   
  • www.parokiboro.id
  •      Sekretariat Paroki
  •      gerejaboro@gmail.com
  •      (0274) 2822577 
  •      081226612801 (WA Teks)
  •      Senin - Sabtu 08:00 - 15:00
  •      Minggu          08:00 - 12:00
   

 

 
 
 

Paroki St. Theresia Lisieux Boro, merupakan bagian dari Keuskupan Agung Semarang.

  • Beranda