komsosboro@gmail.com
(+62) 081390127644 

Sidebar

Main Menu

  • Beranda
  • LIVE
  • Berita
  • Jadwal
  • WILAYAH
  • Renungan
  • Dokumentasi
Paroki St. Theresia Lisieux Boro Paroki St. Theresia Lisieux Boro
  • Beranda
    • Tentang Paroki Santa Theresia Lisieux Boro
    • Sejarah
  • LIVE
  • Berita
  • Jadwal
  • WILAYAH
    • WILAYAH 1
    • WILAYAH 2
    • WILAYAH 3
    • WILAYAH 4
    • WILAYAH 5
    • WILAYAH 6
    • WILAYAH 7
    • WILAYAH 8
    • WILAYAH 9 ST. YUSUP BALONG
    • WILAYAH 10 ST LUCIA KALIREJO
    • WILAYAH 11 ST. IGNASIUS LOYOLA SAMIGALUH
    • WILAYAH 12 ST. MARIA ASSUMPTA GOROLANGU
  • Renungan
    • Basa Jawa
    • BKL 2020
  • Dokumentasi

  1. Home
  2. Renungan
  3. Basa Jawa

Pojok Rohani Mawi Basa Jawi, Setu 9 Mei 2020

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
Renungan MIngguan Basa Jawa
09 May 2020
Hits: 936

Iman Kang Tuwuh lan Mawoh

Panglimbang Dinten Setu Paskah IV, 9 Mei 2020

 

             Sampun mataun-taun kita ndherek Gusti Yesus dados tiyang Katulik. Mbok menawi kita dereng mangertos sinten sejatosipun Gusti Yesus menika. Pinten suwene kita dados tiyang Katulik dereng saget dados ukuran iman kita menika tuwuh menapa malah mandheg. Kadhang kala kita taksih dumugi wonten ing tataran tata lair minangka tiyang katulik, mliginipun wonten ing aturan-aturan pasamuwan. Bab ingkang magepokan kaliyan tuwuhipun iman kita, pripun kita badhe ngupadi supados iman kita sansaya tuwuh, malah kadang kala kirang dipun paringi kawigatosan. Kamangka babagan iman ingkang tuwuh menika dados bab ingkang langkung wigati mliginipun nalika kita badhe paring paseksen tumrap tiyang sanes. Menawi kita dereng ngalamai piyambak pripun raosipun iman ingkang tueuh wonten dhiri kita minangka pendherek Dalem, temtu kita badhe kangelan menawi badhe paring paseksen tumrap tiyang sanes.

Read more ...

Pojok Rohani Jemuah Paskah IV, 8 Mei 2020

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
Renungan MIngguan Basa Jawa
08 May 2020
Hits: 957

Ampun Kuwatos lan Ajrih, Gusti Tansah Ngampingi

Pojok Rohani Jemuah, 8 Mei 2020

  

Para sedherek ingkang kinasih, Berkah Dalem.

            Kabingahan menika dados kepenginan, pangajeng-ajeng lan tujuan gesang kula lan panjenengan sedaya. Pramila kangge saben tiyang menika, kabingahan menika saged dipunraosaken kanthi werni-werni. Wonten tiyang ingkang bingah amargi pikantuk hadiah. Wonten ugi tiyang ingkang bingah amargi pikantuk kabar sampun katampi ing sekolah ingkang dipun pingini utawi sampun kaangkat dados karyawan. Wonten ugi ingkang kraos bingah amargi nampi berkat kasarasan lan sakmenika sampun sehat malih. Estunipun kathah perkawis ingkang saged dadosaken kula lan panjenengan menika kraos bingah.

            Para sedherek sedaya, mbok menawi kawontenan sakmenika dadosaken gesang kula lan panjenengan sedaya menika kraos boten sekeca. Kathah prekawis sami pun batesi, badhe tindak-tindak kemawon boten bebas. Badhe nyambut damel kemawon ugi boten kados biasanipun. Badhe sembahyang dhateng Gereja, ndherek mis suci kemawon boten saged, lan kedah saking griya kanthi siaran TV, radio utawi streaming. Mbok menawi kawontenan menika dadosaken kula lan panjenengan kraos boten bingah. Ditambah malih, kawontenan sumebaripun virus corona menika dereng saged dipun prediksi badhe rampung kapan. Ajrih lan kuwatos ngadepi kawontenan menika temtunipun dados prekawis ingkang sesarengan kita raosaken.  Ananging dinten menika Gusti Yesus ngajak kula lan panjenengan supados tansah tatag lan pitados ing Allah. Kula lan panjenengan diajak supados boten kuwatos lan ajrih ngadepi kawontenan menika. Gesang kula lan panjenengan menika estu kathah prekawis ingkang boten pasti utawi boten saged diprediksi kanthi pener. Salah satungggilipun menika babagan kados pundi gesang kita menika samangke, boten dipunmangertosi. Ananging Gusti sampun paring kabar kabingahan, inggih menika badhe boten nilar kita lan Gusti tansah paring pangampingan kangge kita sedaya. Temtunipun pawartos menika dadosaken kula lan panjenengan kraos bingah, amargi kita sampun pikantuk kepastian lan jaminan bilih Gusti sampun nyawisaken papan ingkang sae kangge kula lan panjenengan sedaya.

            Para sedherek ingkang kinasih, Gusti badhe boten nilar kula lan panjenengan, pramila boten sah kuwatos lan ajrih anggenipun ngadepi menapa kemawon ingkang nembe kita alami menika. Sumangga sami pasrah lan sumarah dhateng Gusti lan tansah ngaturaken atur panuwun amargi kula lan panjenengan sampun pikantuk berkat lan katresnan saking Gusti piyambak. Pramila sumangga gesang kanthi bungah lan semangat sarta dadosaken wekdal ingkang taksih wonten menika kanthi martosaken berkat kangge sok sintena. Gusti tansah mberkahi kula lan panjenengan sedaya, Berkah Dalem.

Berkah Dalem

  

Sr. M. Pasifica, OSF

 

 

Pojok Rohani Mawi Basa Jawi, Rebo 6 Mei 2020

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
Renungan MIngguan Basa Jawa
06 May 2020
Hits: 1179

Dipuntimbali Dados Pepadhanging Jagad

Pojok Rohani, Rabu 6 Mei 2020

 

 Para sadherek sedaya, Berkah Dalem.

            Menawi kula lan panjenengan menika disuwun milih antawis peteng utawi padhang, temtu ingkang dipilih menika padhang. Menawi kawontenan peteng utawi nembe mati lampu utawi oglangan, temtu dadosaken boten sekeca. Badhe nyambut damel boten saged, amargi lampu pejah, listrik ugi pejah saengga boten sagen ginakaken komputer. Ingkang baken lajeng signal pedot lan temtunipun menawi dangu anggenipun oglangan lajeng boten saged ngecharge HP.

Read more ...

Pojok Rohani Basa Jawi Dinten Kemis Paskah IV, 7 Mei 2020

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
Renungan MIngguan Basa Jawa
07 May 2020
Hits: 990

Sabar Ngadhepi Pacoben

Panglimbang Dinten Kemis Paskah IV, 7 Mei 2020

  

            Sumebaring virus corona sampun paring pengaruh wonten ing saperangan bab, mliginipun ingkang gegayutan kaliyan gesang umat manungsa. Wonten saperangan bab ingkang saget dipun wastani nembe lumpuh amargi sumabering virus menika. Kadang kala kita naming saget ngendika ing sajroning batos, “kapan bebendu iki arep rampung ?”. Kita temtunipun gadhah kekajengan ingkang sami, supados bebendu menika enggal paripurna, saengga kita sedaya saget nglampahi gesang sacara limrah kados wingi-wingi. Sedaya cara sampun kita lampahi kagem nerak sumebaring virus menika, ananging dugi samenika kita ugi dereng saget uwal saking bebendu menika. Wonten ing kawontenan kados mekaten sikap sabar lan ngandel bilih Gusti tansah makarya, dados sikap ingkang kedah kita bangun sesarengan. Boten kok malah lajeng nglokro. Kita ugi boten saget namung pasrah bongkokan kewamon dhumateng Gusti, ananging ugi tetep ngupadi mawi cara-cara ingkang sampun dipun garisaken dening pamarentah lan lembaga ingkang kawogan.

             Menika jumbuh kaliyan waosan sepisan dinten menika, nalika Paulus medhar sabda kegem jemaat ing salah satunggaling sinagoga. Paulus nyariosaken kahanan ingkang dipun alami dening bangsa Isarel nalika medal saking Mesir ngantos dumugi nalika Gusti Allah sampun milih prabu Dawud minangka pepilihan Dalem ingkang dados ratuning tiyang Israel. Prajanji Dalem kegem ngamping-ampingi bangsa pinilih boten namung dumugi wonten ing prabu Dawud kemawon, nanging ugi dumugi samenika kanthi njunjung salah satunggaling trah Dawud dados penebusing umat manungsa yaiku Sri Yesus. Kanthi sabar lan setya Gusti Allah tansah njangkung lan ngamping-ampingi lampahipun bangsa menika lan kita ingkang pitados ing panjenengane. Pramila sumangga kita sami sabar ngadhepi pacoben menika, kados dene Gusti ingkang sampun sabar lan setya njangkung kita sedaya. Kita pitados bilih lumantar para tenaga medhis, pamarentah, lan sok sintena ingkang nggadhahi kekajengan sae Gusti tansah makarya. Minangka panglimbang kagem kita sedaya, menapa kula sampun sabar anggenipun ngadhepi sedaya pacobaning gesang, napa malah lajeng nglokro ?

Berkah Dalem.

 

 Frater Andreas Adhi Eko P

 

 

Pojok Rohani Basa Jawi Selasa, 5 Mei 2020 (Jawa)

Empty
  •  Print 
  • Email
Details
Komsos logo
Renungan MIngguan Basa Jawa
05 May 2020
Hits: 703

Ngandel Marang Sang Kristus

Pojok Rohani; Selasa, 5 Mei 2020

 

             Dinten-dinten menika, kita sedaya nembé ngadhepi pengaruhipun sumebaring virus Corona. Kathah bab ingkang magepokan kaliyan gesang kita, samenika sarwa kangélan. Ing babagan gesang sosial, kita dipun watesi anggenipun srawung marang tangga teparo, kagem kita ingkang sami ngumbara pados pangupa jiwa wonten papan sanés, samenika boten saget wangsul dhateng asalipun. Wonten ing babagan gesang ekonomi, ing sawetawis papan sampun kedah nyambut damel saking griya, malah ugi wonten ingkang kenging PHK. Ing babagan gesang karohanén, kita ugi boten saget ndhérék mis suci sacara langsung, namung saget ndhérék sacara streaming, boten saget ugi ngadani sebahyangan lingkungan kados padatan. Lan taksih kathah bab sanés ingkang kenging pengaruhipun saking sumebaring virus corona. Nalika ngadhepi kahanan ingkang kados mekaten, kadhang kala gesang kita lajeng nglokro, lan pangandel kita marang Sang Kristus kados-kados malah sansaya miyur kepara raosipun luntur.

Read more ...

More Articles ...

  1. Pojok Rohani Mawi Basa Jawi, Senen 4 Mei 2020
  2. Pojok Rohani Basa Jawi Ngahad Paskah IV (Minggu Timbalan), 2-3 Mei 2020
  3. Renungan Ngahad Paskah III, 25-26 April 2020
Page 2 of 3
  • Start
  • Prev
  • 1
  • 2
  • 3
  • Next
  • End

Kontak

 

  • Boro, Banjarasri, Kalibawang, Kulon Progo, DIY 55672
  • komsosboro@gmail.com ,   
  • www.parokiboro.id
  •      Sekretariat Paroki
  •      gerejaboro@gmail.com
  •      (0274) 2822577 
  •      081226612801 (WA Teks)
  •      Senin - Sabtu 08:00 - 15:00
  •      Minggu          08:00 - 12:00
   

 

 
 
 

Paroki St. Theresia Lisieux Boro, merupakan bagian dari Keuskupan Agung Semarang.

  • Beranda