Pojok Rohani Mawi Basa Jawi, Senen 4 Mei 2020
Mbangun Semangat Handarbeni dhateng Sok Sintena
Pojok Rohani, Senen 4 Mei 2020
Para sadherek sedaya, Berkah Dalem.
Kula lan panjenengan menika temtu kagungan hobi. Hobi menika wujudipun saged werni-werni. Wonten ingkang hobinipun maos buku, mila piyambakipun temtu kagungan kathah buku wonten griyanipun. Ugi wonten ingkang hobinipun babagan fotografi utawi videografi. Sawetawis ugi kagungan hobi kanthi ngrumat kewan utawi kagungan ingon-ingon wonten ing griya. Limrahipun menawi kagungan ingon-ingon, kula lan panjenengan temtu badhe paring kawigatosan lan badhe ngrumat saksae-saenipun. Saben dinten temtu, ingon-ingonipun dipun sukani pakan. Ingkang kagungan sapi, wedhus mbokmenawi kedhah pados suket, ngarit saben dinten. Ingkang ingon-ingonipun peksi, mbok menawi boten namun dipunsukani pakan kemawon, ananging kadang kala ugi dipunsemprot utawi dipun pepe sekedhap. Ugi tansah dipun gatosaken kangge papan lan kandangipun, kedhah resik, menawi sampun kebak regedanipun kedhah pun bucal. Kula lan panjenengan kedhah kagungan semangat handarbeni.