Pojok Rohani Basa Jawa, Ngahad 30 Mei 2020, Riaya Pentekosta

Sanajan Benten, Ananging Sedaya Nampi Tugas ingkang Sami: Martosaken Injil

Pojok Rohani Basa Jawa, Ngahad 30 Mei 2020, Riaya Pentekosta

 

Para sadherek ingkang kinasih ing Gusti, Berkah Dalem.

            Kula lan panjenengan menika temtu gadhah kautamen-kautamen ingkang benten lan warna-warni. Tegesipun bilih saben tiyang menika gadhahi kasaenan piyambak-piyambak. Wonten ingkang pinter bab prekawis studi. Ananging ugi wonten tiyang ingkang langkung pinter bab prekawis musik. Wonten ugi ingkang pinter bab prekawis mbangun pasedherekan kaliyan tiyang kathah.

Sedaya temtu pinaringan berkat lan anugerah ingkang sae. Awit prekawis utawi kanugrahan ingkang benten-benten menika dadosaken kula lan panjenengan kedhah sageda mbangun gesang sesarengan adhedasar semangat paseduluran ingkang sae dhateng sinten kemawon. Kados dene gamelan menika. Gamelan menika isinipun boten namung kendang kemawon, utawi kenong, utawi namung gender utawi gong kemawon, ananging kalebet kathah alat musik ingkang gadhahi keunikan piyambak-piyambak. Temtunipun saben alat menika boten sami anggenipun ngginakaken. Sanajan benten ananging menawi dipun atur sageda dadosaken unen-unen ingkang sae.

            Para sadherek ingkang kinasih, dinten menika kita sesarengan ngriyayakaken rawuhipun Hyang Roh Suci. Estunipun ing dinten menika, kula lan panjenengan pinaringan tugas kangge nglajengaken menapa ingkang dados dhawuh Dalem, inggih menika martosaken Kabar Kabingahan dhateng sok sintena. Amargi menika boten tugas ingkang gampil, Gusti Yesus lajeng ngutus Hyang Roh Suci supados paring pangampingan kangge kula lan panjenengan sedaya. Lajeng kados pundi tugas menika saged kita tindakaken wonten ing gesang padintenan menika? Wonten seratipun Rasul Santo Paulus dhateng umat ing Korintus ingkang kapisan, dipun ngendikaken kados mekaten, “Sih iku beda-beda, nanging iku sa-Roh; pangkat iku ya beda-beda, nanging iku sa-Gusti; pakaryane ya beda-beda, nanging mung sa-Allah, kang akarya sakabehe ing samubarang. Saben wong pinaringan wedharing Roh kanggo kabutuhan umum.” Kanthi pangandikan saking St. Paulus menika ngajak kula lan panjenengan supados ngupadi gesang ingkang sae, kanthi gadhahi semangat anggenipun martosaken kabar kabingahan kangge sinten kemawon.

            Para sadherek, dinten menika ugi dados tanda bilih pasamuwan suci menika kabangun adhehasar rawuhipun Hyang Roh Suci kangge sedaya pandherek Dalem. Pramila ing dinten menika ugi dipunwastani mandegipun pasamuwan suci. Awit rawuhipun Hyang Roh Suci, sedaya pandherek Dalem estu nampi tugas perutusan saking Gusti Yesus piyambak. Sedaya murid Dalem kasuwun tansah nglajengaken menapa ingkang sampun dipun tindakaken dening Sang Kristus piyambak. Ing dinten menika kula lan panjenengan kaajak nglimbang kados pundi tugas anggenipun martosaken Injil menika menapa sampun kita tindakaken menapa dereng? Kados pundi tugas menika sageda kita tindakaken ing gesang menika? Kanthi wujud menapa kemawon? Gusti tansah nuntun lan mberkahi kula lan panjenengan sedaya. Berkah Dalem.

 

 

Rm. Lukas Ivan Sanjaya, Pr