Pojok Rohani Basa Jawa, Kemis 21 Mei 2020, Riaya Mekrad Dalem

Dipadha Tatag lan Bungah, Awit Gusti Tansah Ngamping-Ampingi

Pojok Rohani Basa Jawa, Kemis 21 Mei 2020, Riaya Mekrad Dalem

  

Para sadherek ingkang kinasih, Berkah Dalem.

            Kula lan panjenengan temtu kraos sedhih menawi ngalami prastawa dipun tilar, mliginipun kaliyan tiyang ingkang sampun celak utawi gadhahi relasi ingkang akrab, kados dene keluarga, brayat, kanca lan sapituturipun. Kraos kecalan temtu ingkang dipun raosaken. Mliginipun nalika tiyang menika wau, seda, dipuntimbali sowan ing ngarsa Dalem Gusti.

            Dinten menika kula lan panjenengan ngriyayakaken Riaya Mekrad Dalem. Wonten waosan-waosan ingkang sesarengan kita mirengaken ing dinten menika, ngajak kula lan panjenengan sedaya supados tansah gadhahi semangat lan tatag anggenipun dados pendherek Dalem. Kula lan panjenengan sedaya temtu sampun ngraosaken bilih dados Murid Dalem menika asring manggihi alangan utawi prekawis ingkang boten sekeca. Kawontenan menika kadangkala dadosaken kula lan panjenengan dados miyur lan boten semangat. Menapa malih ing dinten menika, kula lan panjenengan mireng bilih Gusti Yesus, badhe nilar kula lan panjenengan sedaya. Gusti Yesus tindak dhateng ingarsanipun Hyang Rama. Temtu prekawis menika dadosaken kula lan panjenengan kraos bingah ananging ugi sedhih. Bingah lan mongkok amargi Gusti Yesus sampun rampung anggenipun nindakaken Pakaryan Dalem lan sampun nebus kula lan panjenengan saking blengguning dosa. Ananging kita ugi kraos sedhih amargi Gusti badhe nilar kula lan panjenengan.

            Para sadherek ingkang kinasih, Gusti Yesus tansah nresnani kula lan panjenengan sedaya. Sanajan kula lan panjenengan sampun dipun tilar dening Gusti Yesus lan pikantuk tugas martosaken Kabar Kabingahan, ananging Gusti tansah ngamping-amping kula lan panjenengan sedaya. “Mula padha mangkata, kabèh bangsa dadèkna murid-Ku lan padha baptisen konjuk ing asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci. Apa manèh padha wulangen nindakaké apa baé sing wis Dakdhawuhaké marang kowé. Lan sumurupa, Aku tansah nunggal kowé sadina-dina nganti tekan pungkasaning jagad.” Kanthi sabda Dalem menika, Gusti ngatingalaken katresnan Dalem tumrap kula lan panjenengan sedaya. Pramila kula lan panjenengan kasuwun supados tansah tatag lan semangat anggenipun nindakaken tugas pakaryan Dalem menika. Boten sah kuwatos, ajrih utawi bingung, amargi kula lan panjenengan menika boten piyambak anggenipun nindakaken pakaryan Dalem menika, ananging tansah dipun amping-ampingi dening Gusti Yesus piyambak. Pramila wosing rohani ingkang saged sesarengan kula lan panjenengan lelimbang inggih menika, punapa kula lan panjenengan sampun saestu dados pandherek Dalem ingkang tansah bingah lan semangat anggenipun martosaken Kabar Kabingahan dhateng sinten kemawon?

Gusti tansah mberkahi lan ngamping-ampingi pakaryan kula lan panjenengan sedaya,

Berkah Dalem

 

 Rm. Lukas Ivan Sanjaya, Pr