Dados Pawarta Kabar Kabingahan
Pojok Rohani Senen Paskah VI, 18 Mei 2020
Sampun dados timbalan lan tugas kita minangka para pendherek Dalem Gusti Yesus kagem martosaken kabar kabingahan tumrap sedaya tiyang. Mbokmenawi kita taksih gadhah pamawasan bilih anggenipun martosaken kabar kabungan menika, kita kedah nggadahi pamawas ingkang wiyar lan lebet babagan isining Kitab Suci lan Pasamuwan Suci. Pamawasan menika wau ugi leres, ananging, kadang kala, lajeng dadosaken kita saged endha boten martosaken kabar kabingahan. Dinten menika kita sedaya dipun ajak nglelimbang waosan sepisan ingkang dipun pendhet saking Kitab lelampahanipun para rasul. Dipun cariyosaken, wonten salah satunggaling wanita kang aran Lidia sudagar bludru saking Tyatira ingkang sadean ing Filipi. Kejaba sregep anggenipun pados pangupa jiwa, Lidia ugi tansah mijekaken wekdal kagem sembayang wonten ing papan pangibadahan tiyang Yahudi sareng kaliyan kanca-kancanipun. Ing ngriku, piyambakipun kepanggih kaliyan Paulus lan Silas.
Pepanggihan kaliyan Paulus lan Silas, sampun mbikak manahipun Lidia kagem nampi Gusti Yesus. Salajengipun, Lidia nyuwun piyambakipun lan sabrayat dipun baptis. Menapa ingkang dipun alami dening Lidia, sampun nuduhaken dhumateng kita sedaya, bilih martosaken kabar kabingahan menika boten sah muluk-muluk. Ananging kita dipun ajak martosaken kabar kabingahan wiwit saking brayat lan tiyang ing sakiwa-tengen kita. Kanthi prasaja, Lidia sampun paring tuladha, martosaken kabar kabingahan lumantar tindak-tanduk ing gesang padintenan. Pramila, kita sedaya dipun ajak, supados saged dadosaken gesang kita minangka paseksen tumrap brayat lan tiyang-tiyang ing sakiwa tengen kita. Kanthi mekaten kita sampun ndherek martosaken kabar kabingahan Injil ing tengahing brayat lan tiyang sakiwa-tengen kita.
Minangka panglimbang kagem kita, menapa kita sampun dados pawarta kabar kabingahan injil tumrap barayat lan tiyang tiyang ing sakiwa tengen kita ?
Berkah Dalem
Frater Andreas Adhi Eko P