Nyawiji ing Sang Kristus
Pojok Rohani (Jawa) Rebo Paskah V, 13 Mei 2020
Wonten ing gesang padintentenan, temtu kita nate manggihi prakawis-prakawis ingkang saget dadosaken benten penemu kaliyan tiyang sanes. Kadang kala, kahanan mekaten saget nuwuhaken padudon ing antawisipun kita kaliyan tiyang sanes. Kahanan kados mekaten ugi ingkang dipun alami dening para Rasul wonten ing waosan sepisan. Kacariyosaken bilih sawetara sedulur saking Yudhea ingkang memulang ing Antiokia sami nengenaken bab supit miturut tatacarane Nabi Musa kagem para sedherek sanes Yahudi. “Yen kowe ora supit miturut adat-tatacarane Nabi Musa, kowe ora bakal slamet.” Gegayutan kaliyan bab menika, Paulus lan Barnabas ingkang kathah memulang sedherek sanes Yahudi boten sarujuk kaliyan panemunipun sawetara sedulur saking Yudhea menika. Prakara menika lajeng nuwuhaken padudon ingkang rame. Wusananipun sami sarujuk ngutus Paulus lan Barnabas sarta sawetara sedherek sowan para rasul lan pinituwa ing Yerusalem kagem ngrembug prakawis menika.
Waosan injil dinten menika mbiyantu paring wangsulan kagem prakawis ingkang dipun adhepi dening para sedherek ing Antiokia bab para pendherek Dalem ingkang supit lan boten supit. “Aku ini wite anggur, kowe grageh-gragehe. Kang manunggal ing Aku lan Aku manunggal ing wong mau, iku kang ngetokake woh ngemohi.” Gusti Yesus negemutake kita sedaya bilih minangka murid-murid Dalem, kita nyawiji marang Panjenengane. Boten nggagas kita saking kabudayan menapa, supit menapa boten, saking suku bangsa menapa, padamelan kita menapa, menawi kita sampun pitados lan ngandel marang panjenengane kita sampun nyawiji lan nunggal kaliyan Gusti Yesus. Pramila, kita sedaya dipun ajak supados boten pilih-pilih lan mbedaaken tiyang ing sakiwa tengen kita, awit menika mingkana tandha wohing tetunggilan kita kaliyan Gusti. Minangka panglimbang kagem kita, menapa wonten ing gesang pasrawungan, kita taksih pilih-pilih lan mbedaaken tiyang setunggal lan sanese ?
Berkah Dalem
Frater Andreas Adhi Eko Prasetyo