Pojok Rohani Basa Jawi Ngahad Paskah V, 9-10 Mei 2020

Ndherek Gusti Kanthi Fokus lan Temenan

Ngahad Paskah V, 9-10 Mei 2020

 

 

Frater, Suster, Bruder, Ibu, Bapak, kanca-kanca mudha, lan para sedherek sedaya, Berkah Dalem.

            Wonten gesang menika, anggenipun nindakaken pakaryan menapa kemawon, kula lan panjenengan kasuwun kanthi fokus. Menawi kula lan panjenengan menika sampun fokus menika ngatingalaken bilih kula lan panjenengan sampun temenan anggenipun tumindak. Amargi menawi boten fokus lan temenan, kepara malah dadosaken padamelan menika dados boten optimal malah saged boten sae hasilipun.

            Dinten menika wonten waosan sepisan inggih menika saking kitab Lelampahanipun Para Rasul dipun criyosaken babagan para murid ingkang cacahipun pitu ingkang kapilih dening para Rasul kangge mbiyantu anggenipun ngladosi umat. Wonten sejarah Gereja, murid pitu menika ingkang samangke dipun wastani diakon. Diakon menika benten kaliyan prodiakon, sanajan namung wonten tembung pro kaliyan boten. Menawi prodiakon menika, umat ingkang kapilih kangge paring pambiyantu tugas para romo ing paroki-paroki. Tugas prodiakon namung babagan peribadatan kemawon. Lan ingkang baken, prodiakon menika nampi SK saking keuskupan lan SK menika wau namung berlaku ing parokinipun boten ing paroki pundi kemawon. Menawi Diakon menika salah satunggiling tahapan saking proses formatio para frater, ugi saged dipun wastani kanthi tahap akhir saderengipun nampi tahbisan imamat. Diakon menika dipun tahbisaken. Menawi prodiakon namung dilantik kemawon. Wonten ing KHK mliginipun Kanon 236 diandaraken kanthi mekaten,

Para calon diakon-tetap, sesuai dengan ketentuan-ketentuan Konferensi para Uskup, hendaknya dibina untuk memupuk hidup spiritualnya dan dididik untuk menjalankan tugas-tugas khas tahbisannya dengan baik:

10 orang-orang muda, sekurang-kurangnya selama tiga tahun, tinggal dalam suatu rumah khusus, kecuali karena alasan-alasan berat Uskup diosesan menentukan lain;

20 laki-laki yang sudah lebih matang dalam usia, baik yang selibat maupun yang beristri, melalui program pendidikan selama tiga tahun yang ditentukan oleh Konferensi para Uskup tersebut

 Kanthi perutusan lan kaangkatipun para diakon, dadosaken para rasul saged fokus kangge tugas pawartosan iman lan pangibadatan. Estu leres bilih pasamuwan suci menika boten namung ngurusi babagan utawi prekawis ing peribadatan kemawon, ananging ugi wonten sisi sosial. Gusti piyambak nalika ngutus lan mbangun pasamuwan suci boten paring tugas kaliyan para rasul namung ngurusi peribadatan kemawon. Gusti ngutus para murid Dalem dados pepadhang kanthi martosaken kabar kabingahan. Pramila pawartos kabar kabingahan menika boten namung wonten peribadatan kemawon ananging kanthi tugas menapa kemawon, kalebet nggatosaken tiyang sanes.

            Para sedherek ingkang kinasih, kita tansah pitados bilih Gusti menika boten badhe nilar kula lan panjenengan sedaya. Wonten kawontenan menika Gusti ugi taksih paring pangampingan kangge kula lan panjenengan sedaya. Wujud rawuh Dalem menika saged pun tingali kanthi keterlibatan lan cawe-cawenipun pasamuwan suci kangge sintena kemawon ingkang terdampak amargi sumebaripun virus corona menika. Panjenengan ugi sampun mangertos bilih kathah paroki ingkang sami sesarengan paring pambiyantu kangge umat, boten namung kangge umat ingkang katolik kemawon ananging kangge sedaya. Menika ngatilaken bilih Pasamuwan Suci menika boten namung ngurusi babagan ingkang karohanen mliginipun namung kegiatan2 peribadatan kemawon, ananging ugi dherek cawe-cawe wonten sisi sosial masyarakat. Sanajan mekaten, sedayanipun ugi dipunleksanani kanthi fokus, temenan lan total. Kangge kula lan panjenengan sedaya, wosing rohani dinten menika, kados pundi kula sampun ugi dherek cawe-cawe wonten kawontenan menika? Menapa kula sampun paring kawigatosan ingkang nyata lan konkret dhateng sok sintenan, utawi kula kepara malah namung nggresula lan namung saged nyadhong, ngantu-antu bantuan saking sedherek sanesipun? Pramila kula lan panjenengan dipun ajak supados tansah setya lan dados murid Dalem ingkang kreatif. Kreatif anggenipun nyebar kasaenan lan berkah kangge sok sintena kemawon. Gusti Yesus wonten waosan Injil ugi sampun ngendika, “Mangkene kandha-Ku: Sing ngandel ing Aku, mesthi nindakake pakaryan sing Daktindakake, malah sing ngluwihi, awit Aku sowan Hyang Rama.” Menika ingkang dados dhawuh Dalem kangge kula lan panjenengan sedaya minangka pandherek Dalem. Pramila sesarengan sumangga kita tindakaken kanthi bingah. Gusti tansah badhe ngamping-ampingi lan berkahi sedaya pakaryan-pakaryan ingkag kula lan panjenengan tindakaken. Berkah Dalem.

 

Rm. Lukas Ivan Sanjaya, Pr