Iman Kang Tuwuh lan Mawoh
Panglimbang Dinten Setu Paskah IV, 9 Mei 2020
Sampun mataun-taun kita ndherek Gusti Yesus dados tiyang Katulik. Mbok menawi kita dereng mangertos sinten sejatosipun Gusti Yesus menika. Pinten suwene kita dados tiyang Katulik dereng saget dados ukuran iman kita menika tuwuh menapa malah mandheg. Kadhang kala kita taksih dumugi wonten ing tataran tata lair minangka tiyang katulik, mliginipun wonten ing aturan-aturan pasamuwan. Bab ingkang magepokan kaliyan tuwuhipun iman kita, pripun kita badhe ngupadi supados iman kita sansaya tuwuh, malah kadang kala kirang dipun paringi kawigatosan. Kamangka babagan iman ingkang tuwuh menika dados bab ingkang langkung wigati mliginipun nalika kita badhe paring paseksen tumrap tiyang sanes. Menawi kita dereng ngalamai piyambak pripun raosipun iman ingkang tueuh wonten dhiri kita minangka pendherek Dalem, temtu kita badhe kangelan menawi badhe paring paseksen tumrap tiyang sanes.
Kita sedaya saget sinau saking Filipus ing waosan injil dinten menika. Filipus nyuwun pirsa dhumateng Gusti Yesus, “Gusti, kula nyuwun, keparenga sumerep Hyang Rama, temtu kula lajeng marem.” Gusti paring wangsulan, “Seprana-seprena kowe kumpul karo Aku Filipus. Andak kowe durung ngerti karo Aku? Sing sapa weruh Aku, ya weruh Hyang Rama.” Menapa ingkang dipun alami dening Filipus mbok menawi kita ugi nate ngalami. Pramila, sumangga kita sami nglelimbang gesang kita mliginipun bab iman kita marang Gusti Yesus Kristus. Kathah cara ingkang saget kita lampahi kagem langkung mangertos sinten sejatosipun Gusti Yesus menika, salah satunggalipun kita saget nglelimbang sabda-sabda Dalem ing Kitab Suci. Saengga menawi kita sampun sansaya mangerto Gusti Yesus, iman kita marang Panjenengane temtunipun bakal tuwuh lan saget asung paseksen dhateng tiyang sanes. Panglimbang kagem kita, menapa kita sampun ngupadi supados iman kita marang Gusti Yesus saget sansaya tuwuh lan mawoh?
Berkah Dalem.
Frater Andreas Adhi Eko P