Pojok Rohani Jemuah Paskah IV, 8 Mei 2020

Ampun Kuwatos lan Ajrih, Gusti Tansah Ngampingi

Pojok Rohani Jemuah, 8 Mei 2020

  

Para sedherek ingkang kinasih, Berkah Dalem.

            Kabingahan menika dados kepenginan, pangajeng-ajeng lan tujuan gesang kula lan panjenengan sedaya. Pramila kangge saben tiyang menika, kabingahan menika saged dipunraosaken kanthi werni-werni. Wonten tiyang ingkang bingah amargi pikantuk hadiah. Wonten ugi tiyang ingkang bingah amargi pikantuk kabar sampun katampi ing sekolah ingkang dipun pingini utawi sampun kaangkat dados karyawan. Wonten ugi ingkang kraos bingah amargi nampi berkat kasarasan lan sakmenika sampun sehat malih. Estunipun kathah perkawis ingkang saged dadosaken kula lan panjenengan menika kraos bingah.

            Para sedherek sedaya, mbok menawi kawontenan sakmenika dadosaken gesang kula lan panjenengan sedaya menika kraos boten sekeca. Kathah prekawis sami pun batesi, badhe tindak-tindak kemawon boten bebas. Badhe nyambut damel kemawon ugi boten kados biasanipun. Badhe sembahyang dhateng Gereja, ndherek mis suci kemawon boten saged, lan kedah saking griya kanthi siaran TV, radio utawi streaming. Mbok menawi kawontenan menika dadosaken kula lan panjenengan kraos boten bingah. Ditambah malih, kawontenan sumebaripun virus corona menika dereng saged dipun prediksi badhe rampung kapan. Ajrih lan kuwatos ngadepi kawontenan menika temtunipun dados prekawis ingkang sesarengan kita raosaken.  Ananging dinten menika Gusti Yesus ngajak kula lan panjenengan supados tansah tatag lan pitados ing Allah. Kula lan panjenengan diajak supados boten kuwatos lan ajrih ngadepi kawontenan menika. Gesang kula lan panjenengan menika estu kathah prekawis ingkang boten pasti utawi boten saged diprediksi kanthi pener. Salah satungggilipun menika babagan kados pundi gesang kita menika samangke, boten dipunmangertosi. Ananging Gusti sampun paring kabar kabingahan, inggih menika badhe boten nilar kita lan Gusti tansah paring pangampingan kangge kita sedaya. Temtunipun pawartos menika dadosaken kula lan panjenengan kraos bingah, amargi kita sampun pikantuk kepastian lan jaminan bilih Gusti sampun nyawisaken papan ingkang sae kangge kula lan panjenengan sedaya.

            Para sedherek ingkang kinasih, Gusti badhe boten nilar kula lan panjenengan, pramila boten sah kuwatos lan ajrih anggenipun ngadepi menapa kemawon ingkang nembe kita alami menika. Sumangga sami pasrah lan sumarah dhateng Gusti lan tansah ngaturaken atur panuwun amargi kula lan panjenengan sampun pikantuk berkat lan katresnan saking Gusti piyambak. Pramila sumangga gesang kanthi bungah lan semangat sarta dadosaken wekdal ingkang taksih wonten menika kanthi martosaken berkat kangge sok sintena. Gusti tansah mberkahi kula lan panjenengan sedaya, Berkah Dalem.

Berkah Dalem

  

Sr. M. Pasifica, OSF