Pojok Rohani Basa Jawi Dinten Kemis Paskah IV, 7 Mei 2020

Sabar Ngadhepi Pacoben

Panglimbang Dinten Kemis Paskah IV, 7 Mei 2020

  

            Sumebaring virus corona sampun paring pengaruh wonten ing saperangan bab, mliginipun ingkang gegayutan kaliyan gesang umat manungsa. Wonten saperangan bab ingkang saget dipun wastani nembe lumpuh amargi sumabering virus menika. Kadang kala kita naming saget ngendika ing sajroning batos, “kapan bebendu iki arep rampung ?”. Kita temtunipun gadhah kekajengan ingkang sami, supados bebendu menika enggal paripurna, saengga kita sedaya saget nglampahi gesang sacara limrah kados wingi-wingi. Sedaya cara sampun kita lampahi kagem nerak sumebaring virus menika, ananging dugi samenika kita ugi dereng saget uwal saking bebendu menika. Wonten ing kawontenan kados mekaten sikap sabar lan ngandel bilih Gusti tansah makarya, dados sikap ingkang kedah kita bangun sesarengan. Boten kok malah lajeng nglokro. Kita ugi boten saget namung pasrah bongkokan kewamon dhumateng Gusti, ananging ugi tetep ngupadi mawi cara-cara ingkang sampun dipun garisaken dening pamarentah lan lembaga ingkang kawogan.

             Menika jumbuh kaliyan waosan sepisan dinten menika, nalika Paulus medhar sabda kegem jemaat ing salah satunggaling sinagoga. Paulus nyariosaken kahanan ingkang dipun alami dening bangsa Isarel nalika medal saking Mesir ngantos dumugi nalika Gusti Allah sampun milih prabu Dawud minangka pepilihan Dalem ingkang dados ratuning tiyang Israel. Prajanji Dalem kegem ngamping-ampingi bangsa pinilih boten namung dumugi wonten ing prabu Dawud kemawon, nanging ugi dumugi samenika kanthi njunjung salah satunggaling trah Dawud dados penebusing umat manungsa yaiku Sri Yesus. Kanthi sabar lan setya Gusti Allah tansah njangkung lan ngamping-ampingi lampahipun bangsa menika lan kita ingkang pitados ing panjenengane. Pramila sumangga kita sami sabar ngadhepi pacoben menika, kados dene Gusti ingkang sampun sabar lan setya njangkung kita sedaya. Kita pitados bilih lumantar para tenaga medhis, pamarentah, lan sok sintena ingkang nggadhahi kekajengan sae Gusti tansah makarya. Minangka panglimbang kagem kita sedaya, menapa kula sampun sabar anggenipun ngadhepi sedaya pacobaning gesang, napa malah lajeng nglokro ?

Berkah Dalem.

 

 Frater Andreas Adhi Eko P