Dipuntimbali Dados Pepadhanging Jagad
Pojok Rohani, Rabu 6 Mei 2020
Para sadherek sedaya, Berkah Dalem.
Menawi kula lan panjenengan menika disuwun milih antawis peteng utawi padhang, temtu ingkang dipilih menika padhang. Menawi kawontenan peteng utawi nembe mati lampu utawi oglangan, temtu dadosaken boten sekeca. Badhe nyambut damel boten saged, amargi lampu pejah, listrik ugi pejah saengga boten sagen ginakaken komputer. Ingkang baken lajeng signal pedot lan temtunipun menawi dangu anggenipun oglangan lajeng boten saged ngecharge HP.
Dinten menika Gusti Yesus wonten ing Injil ngendikakaken piyambakipun minangka pepadhang. “Rawuhku ing donya iki minangka pepadhang, supaya sing sapa ngandel marang Aku, aja nganti ngambah ing pepeteng.” Mila pawartos menika ugi dados tugas kula lan panjenengan sedaya minangka pandherek Dalem. Rawuh Dalem Sang Kristus menika kanthi dados pepadhanging jagad, mila kula lan panjenengan ugi kautus kanthi mekaten. Kados pundi kula lan panjenengan sampun dados pepadhanging jagad wonten ing gesang padintenan? Menapa sampun tumindhak kanthi dados pepadhang utawi malah pepeteng ingkang kita sebaraken?
Para sadherek ingkang kinasih, wonten ing kawontenan menika mliginipun amargi sumebaripun virus corona menika, dadosaken kula lan panjenengan boten optimal anggenipun tumindhak menapa kemawon. Padamelan lan tumindhak kita dipunbatesi. Ananging kula lan panjenengan taksih saged dados pepadhanging jagad. Taksih saged dados lan nyebaraken berkat kangge sok sintena. Amargi boten wonten alasan kangge kula lan panjenengan anggenipun boten martosaken kabar kabingahan. Kados dene Saulus lan Barnabas ingkang lajeng menyat kanthi semangat ingkang makantar-kantar anggenipun martosaken Kabar Kabingahan ing bangsa sanesipun kejawi Yahudi. Dados pepadhang menika boten kedah nindakaken pakaryan ingkang ageng-ageng. Dados pepadhang saged dipunwiwiti kanthi nindakaken padamelan ingkang alit ananging dipuntindakaken kanthi bingah lan semangat. Santa Theresia saking Lisieux utawi Theresia alit nate ngendika bilih boten wonten prekawis ingkang dipunwastani rugi utawi boten wonten tegesipun, bilih sedayanipun inggih menika pakaryan ingkang alit lan remeh menawi dipuntindakaken kanthi bungah, temtu Gusti badhe nampi sedayanipun. Mila sumangga sami asung gumregah, menyat martosaken lan dados berkat kangge sinten kemawon. Kula lan panjenengan dipun ajak dados pepadhang ingkang tansah madangi lan ampun dados pepeteng ingkang “metengi” sanesipun. Gusti tansah mberkahi kula lan panjenengan sedaya, Berkah Dalem.
Rm. Lukas Ivan Sanjaya, Pr