Pojok Rohani Mawi Basa Jawi, Senen 4 Mei 2020

Mbangun Semangat Handarbeni dhateng Sok Sintena

Pojok Rohani, Senen 4 Mei 2020

 

 Para sadherek sedaya, Berkah Dalem.

Kula lan panjenengan menika temtu kagungan hobi. Hobi menika wujudipun saged werni-werni. Wonten ingkang hobinipun maos buku, mila piyambakipun temtu kagungan kathah buku wonten griyanipun. Ugi wonten ingkang hobinipun babagan fotografi utawi videografi.  Sawetawis ugi kagungan hobi kanthi ngrumat kewan utawi kagungan ingon-ingon wonten ing griya. Limrahipun menawi kagungan ingon-ingon, kula lan panjenengan temtu badhe paring kawigatosan lan badhe ngrumat saksae-saenipun. Saben dinten temtu, ingon-ingonipun dipun sukani pakan. Ingkang kagungan sapi, wedhus mbokmenawi kedhah pados suket, ngarit saben dinten. Ingkang ingon-ingonipun peksi, mbok menawi boten namun dipunsukani pakan kemawon, ananging kadang kala ugi dipunsemprot utawi dipun pepe sekedhap. Ugi tansah dipun gatosaken kangge papan lan kandangipun, kedhah resik, menawi sampun kebak regedanipun kedhah pun bucal. Kula lan panjenengan kedhah kagungan semangat handarbeni.

Dinten menika wonten waosan Injil, Gusti Yesus ngendikaken bilih Panjenenganipun menika Sang Pangon Utami. Gusti Yesus sampun nuntun kula lan panjenengan sedaya minangka menda-menda Dalem mlebet wonten karahayon Dalem. Menika ateges bilih Gusti Yesus tansah nresnani kula lan panjenengan sedaya. Sanajan kula lan panjenengan menika kadang kala taksih boten mirengaken suwanten Dalem, lan nggugu kaliyan pemanggihipun piyambak-piyambak, Gusti badhe boten nilar kita sedaya. Kepara malah nengga kula lan panjenengan sedaya supados enggal sadar lan sageda wangsul dhumateng Gusti Yesus. Mila wosing rohani ingkang saged kita lelimbang ing dinten menika menapa kula lan panjenengan ugi sampun gadhahi semangat handarbeni kaliyan sinten kemawon? Menapa kula lan panjenengan sampun nresnani sedherek-sedherek kita ingkang kadang kala taksih damel manah kita kuciwa? Menapa kula sampun paring kawigatosan kangge sedherek-sedherek kita ingkang wonten ing sakiwa tengen kita? Sumangga kita sesarengan tansah mbangun semangat pasedherekan ingkang sae kangge sok sintena. Gusti Yesus sampun maringaken sukmanipun lan nebus sarta nglipur kula lan panjenengan sedaya saking kuwasaning dosa. Pramila kita sedaya ugi kautus supados tansah nggatosaken lan sageda dados sadherek kangge sinten kemawon, boten namung kangge sesami ananging ugi kangge alam sekitar. Gusti tansah mberkahi kula lan panjenengan sedaya, Berkah Dalem.

 

 

Rm. Lukas Ivan Sanjaya, Pr