Pojok Rohani Basa Jawi Ngahad Paskah IV (Minggu Timbalan), 2-3 Mei 2020

 Timbalan: Dados Patuladhan lan Berkat Kangge Sok Sintena

Ngahad Paskah IV (Minggu Timbalan), 2-3 Mei 2020

 

 Frater, Suster, Bruder, Ibu, Bapak, Nem-neman, Lare-lare lan para sedherek sedaya, Berkah Dalem.

            Limrahipun menawi kula lan panjenengan badhe mertamu dhateng pundi kemawon temtu madosi utawi medhal saking ngajengan. Kula lan panjenengan temtu badhe dodhok lawang ingkang ngajeng. Ananging ugi wonten sawetawis saking kita menawi mertamu menika langusng jujug lawang ingkang wingking. Mbok menawi menika amargi sampun akrab lan gadhahi relasi ingkang celak kaliyan ingkang kagungan griya. Ananging ugi wonten tiyang ingkang nembe sepisanan mertamu lajeng medal lawang wingking. Tiyang menika ingkang kadang kala dipuncurigai kados dene maling.

            Dinten menika kita sesarengan mlebet wonten mangsa liturgi inggih menika Ngahad Paskah IV. Pasamuwan ugi mastani minggu menika dados Minggu Timbalan. Wonten waosan Injil Gusti Yesus sampung ngendikaken bilih “Sing sapa mlebu kandhang wedhus ora liwat lawang, nanging mlumpat pager, iku maling lan grayak. Nanging sing liwat lawang, iku pangoning wedhus.” Kula lan panjenengan menika gadhahi timbalan piyambak-piyambak. Sawetawis saking kita wonten ingkang tinimbalan dados romo, suster, bruder, utawi frater. Ananging gesang timbalan menika boten namun bab timbalan kados mekaten. Ingkang milih gesang emah-emahan lan mbangun gesang bebrayatan ugi dipunsebat minangka timbalan Dalem. Mila sampun trep bilih dinten menika Gusti Yesus ngajak kula lan panjenengan sedaya minangka murid Dalem dados pangoning Umat Dalem kanthi saged paring tuntunan. Menika ateges bilih kula lan panjenengan kauutus dados “lawang”. Kula lan panjenengan gadhahi perutusan supados nuntun sinten kemawon supados pinaringan karahayon Dalem. Nuntun tiyang sanes menika saged dipunwujudaken kanthi paring katuladhan ingkang sae dhateng sok sintena. Kanthi menika, wosing rohani ingkang saged kita limbang sesarengan inggih menika, kados pundi kula lan panjenengan sedaya sampun paring tuladha ingkang sae dhateng sok sintena? Menapa kula taksih ajrih menawi dipunsuwun lan kautus kangge martosaken kabar kabingahan Dalem?

Para sedherek ingkang kinasih, Gusti Yesus sampun nimbali kula lan panjenengan sedaya kanthi pun sebat satunggal-satunggal. Kanthi menika, Gusti ngajak kula lan panjenengan saksaged-sagedipun dados pawartos kabar kabingahan kanthi mbangun semangat lan patulhadan ingkang sae wonten ing gesang padintenan. Amargi tugas utawi perutusan nyebaraken Kraton Dalem boten namun tugas lan timbalan kangge para romo, suster, bruder lan frater kemawon, ananging menika tugas lan timbalan kangge kita sedaya ingkang sampung nampi rahmat saking sakramen Baptis.

            Sumangga ing minggu timbalan menika kita sembahyang kangge para romo, suster, bruder, frater supados Gusti tansah maringi kakiyatan lan piyambakipun saged tansah semangat anggenipun ngladosi lan dados pawartos kangge kula lan panjenengan sedaya. Kita ugi sembahyang kangge para romo, suster, bruder, frater, ingkang sakmenika nembe radi lesu, boten semangat lan gadhah permasalahan amargi kawontenan ingkang dipunpanggihi, mugi Gusti tansah paring semangat lan kekiyatan. Boten kesupen ugi kita sembahyangaken kangge para romo, suster, bruder, frater ingkang sampun nate paring berkat saengga kula lan panjenengan sageda langkung gadhahi iman lan gesang karohanen ingkang sae kados sakmenika. Ugi kita sembahyang mugi kathah sadherek-sadherek, kanca-kanca mudha kita, utawi sinten kemawon ingkang kersa mirengaken lan nanggapi timbalan Dalem kanthi dados romo, suster, bruder, frater. Mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya sageda dados rekan seperjalan-Nya.

Gusti mberkahi sedayanipun, Berkah Dalem.

 

 

 

Rm. Lukas Ivan Sanjaya, Pr