Renungan Ngahad Paskah III, 25-26 April 2020

Mbangun Pasedherekan ingkang Sae Dhateng Sok Sintena

Minggu Paskah III, 25-26 April 2020

 

 

Frater, suster, bruder, Ibu, Bapak, Nem-neman, lare-lare lan para sedherek sedaya, Berkah Dalem

Kula lan panjenengan sedaya minangka manungsa menika ugi dipun sebat kanthi “makhluk sosial”. Tegesipun bilih kula lan panjenengan menika anggenipun gesan sesarengan menika betahaken tiyang sanesipun. Sedayanipun saling melengkapi, saling membantu, sami lung tinulung. Lan mbangun relasi kaliyan sinten kemawon, dados tandha lan semangat ingkang tansah kita sesarengan mbudidaya wonten gesang menika. Mila sampun trep nalika kula lan panjenengan menika sami paring kawigatosan antawis setunggal lan sanesipun. Kadangkala relasi kita dhateng tiyang sanes menika ugi ngatingalaken keuntungan, ananging wonten ugi ingkang anggenipun kita kekancan menika malah damel situasi ingkang boten sekeca. Mbok menawi ingkang gadhahi relasi utawi kenalan dhateng suster, utawi bruder, sageda paring pambiyantu nalika badhe ndaftaraken putranipun mlebet sekolah, supados pikantuk keringanan utawi gampil anggenipun katampi. Ugi wonten mbok menawi ingkang gadhah relasi kaliyan polisi, lajeng nalika wonten cegatan utawi nembe nandhang kasusahan amargi kemalingan, saged nyuwun tulung ngurusaken. Mbok menawi ugi ingkang gadhah relasi kaliyan romo saking paroki sanesipun, saged nyuwun tulung nalika badhe nyuwun ujud misa, lan romo-romo paroki boten saged ngladosi amargi sampun wonten agenda sanesipun.

Dinten menika kanthi waosan Injil, Gusti Yesus ngatingalaken prekawis bilih Panjenenganipun sageda dados kanca kangge para murid ingkang nembe wangsul dhateng Emaus. Nalika mlampah sesarengan, para murid kekalih boten sadar bilih piyambakipun mlampah sareng kaliyan Gusti Yesus. Sanajan boten dipunmangertosi dening murid kekalih, Gusti Yesus boten duka kepara malah nyarengi lampahipun para murid lan njlentrehaken babagan prekawis ingkang dipunrembag dening para murid menika. Wonten kawontenan menika, Gusti Yesus sampun dados kanca ingkang sae dhateng para murid. Nalika para murid sami bingung lan kuciwa amargi kawontenan ingkang sampun dadosaken Gusti Yesus sangsara lan seda, Gusti Yesus kepara paring penyadaran lan neguhaken para murid. Gusti Yesus boten lajeng duka ananging kanthi sabar ngrencangi para murid mlampah dumugi Emaus. Kangge kita sesarengan wosing rohani utawi prekawis ingkang saged dipunlimbang sesarengan inggih menika, kados pundi kula lan panjenengan menapa sampun dados kanca ingkang sae kangge sedherek-sadherek kita ingkang sanes? Menapa kula namung pados kanca ingkang paring keuntungan kangge kula pribadi? Menapa kula sampun kersa paring kawigatosan dhateng kanca-kanca sanesipun ingkang betahaken pambiyantu lan dukungan saking kita? Menapa kula nalika wonten kanca ingkang nyuwun pambiyantu kersa cawe-cawe?

            Gusti Yesus estu nresnani kula lan panjenengan sedaya. Gusti Yesus boten nganggep kula lan panjenengan menika abdi. Amargi katresnan Dalem, Gusti Yesus sampun kersa nebus kula lan panjenengan sedaya kanthi sangsara, seda wonten ing pamenthangan. “Mangertia, kowé iku ora ditebus mawa barang donya, diregani emas apa slaka, nganti bisa uwal saka jantraning urip muspra warisané para leluhur. Nanging kowé ditebus mawa rah adi, rahé Sang Cempé mulus tanpa cacad, yaiku Sang Kristus.” Menika wau menapa ingkang sampun kaserat wonten ing seratipun rasul Petrus ingkang kapisan ing waosan kaping kalih menika. Mila wonten gesang menika, sumangga sami ginakaken wekdal lan kasampatan menika kanthi saksae-saenipun. Kados dene Gusti Yesus kersa dados kanca lan ngrencangi para murid anggenipun mlampah. Kula lan panjenengan sedaya pitados bilih Gusti Allah tansah paring pangampingan dhumateng kita sedaya. Gusti tansah paring berkah, mila boten sah kuwatos. Sanadyan kula lan panjenengan ing wekdal-wekdal menika boten saged nampi salira Dalem amargi boten saged dherek mis suci kados padatipun, ananging namun saged sembahyang komuni batos, kula lan panjenengan taksih dipuntresnani Gusti. Mila sumangga wonten gesang menika, kula lan panjenengan kaajak sageda dados kanca ingkang sae kangge sinten kemawon. Kula lan panjenengan kasuwun mbangun pasedherekan ingkang rukun lan guyub. Supados kados dene para murid ingkang dados semangat lan mripatipun tinarbuka nalika Gusti Yesus kembul bojana sesarengan, “Mula atiku mongkog, nalika Gusti ngandikani lan nerangaké Kitab ana ing dalan mau.”

   

Rm. Lukas Ivan Sanjaya, Pr